Tuladha Ingkang Sejati Renungan Harian 9 April 2020

9 April 2020

Waosan :Yohanes 13 : 1 – 17, 31b – 35   |   Pamuji  : KPJ. 150
Nats
: “Awit Aku wus menehi tuladha marang kowe, supaya kowe kabeh uga nindakake kaya kang wus Daktindakake marang kowe” (Ay. 15)

Tiyang sepuh anggenipun gulawentah dateng para putranipun boten cekap kandek ing pitutur kemawon, nanging mbetahaken tuladha ing tumindak gesangipun. Tuladha punika minangka piwucal ingkang wigati, karana anak saged ngraosaken kanthi nyata tumindakipun punika leres punapa mboten awit saking ningali tumindak saking tiyang sepuhipun. Contonipun lare alit ingkang dipun wucal lan dipun ajak ndedonga sareng-sareng ing satengahing brayat saben dinten. Nalika ageng, lare punika boten badhe ajrih utawi isin nalika dipunsuwun mimpin donga ing pasamuan. Sanesipun, tiyang sepuh saged mucal bab tanggel jawab lumantar tuladha pendamelan nata griyanipun piyambak. Nalika anak sampun dewasa piyambakipun saged dados anak ingkang mandiri karana tuladha tiyang sepuhipun.

Gusti Yesus anggenipun dados guru kangge 12 sakabatipun, mboten namung paring piwucal sacara lisan kemawon, nanging  paring tuladha ing tumindak. Kados ing waosan kita punika, Gusti Yesus ngwisuhi sukunipun para sakabat. Ing tradisi Yahudi, bab ngwisuhi suku punika prayoginipun katujuaken kangge anak dateng tiyang sepuh, murid dateng Guru, abdi dateng tuanipun. Ingkang tegesipun piyambakipun punika ngajeni lan ngabekti dateng tiyang ingkang langkung inggil derajatipun. Ananging Gusti Yesus paring tuladha ingkang benten, Gusti Yesus malah ingkang ngwisuhi suku para sakabatipun. Punapa ingkang dipun tindakaken Gusti Yesus punika paring piwucal supados para sakabat puruna sami lados-linadosan, puruna ngesoraken piyambakipun ing antawisipun setunggal lan sanesipun.

Dinten Kemis punika kasebat Kamis Putih. Ing wekdal punika kita dipun ajak gatosaken malih tuladhanipun Gusti Yesus ingkang purun ngwisuhi sukunipun para sakabat. Tuladha Gusti Yesus punika boten namung kangge para sakabatipun Gusti, ananging inggih kangge kita sedaya. Minangka para pandherekipun Gusti Yesus, sampun samesthinipun kita nuladha Gusti Yesus. Kita purun dados tiyang ingkang andhap asor ing satengahing gesang. Kita purun makarya  lelados ing satengahing brayat, pasamuan lan ing pundi-pundi kanthi manah ingkang tulus lan suci kagem kaluhuran Asmanipun Gusti. Mekaten ugi mangga kita nindakaken pakaryan ing gesang sarana nuladha dateng Gusti Yesus. Amin. (AR).

“Gusti Yesus tuladha kangge kita supados gesang kita dados tuladha kangge sesami”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak