Ajrih – Asih Dhumateng Gusti Pancaran Air Hidup 19 November 2026

19 November 2026

Waosan: Wahyu 14 : 1 – 11  |  Pamuji: KPJ. 350
Nats: “Padha wedi-asiha marang Gusti Allah lan caosana kaurmatan, awit wektuning pangadilane wus teka, sarta padha sujuda marang Panjenengane kang wus nitahake langit lan bumi tuwin sagara apadene sakehe tuking banyu.” (Ayat 7)

Gesang langgeng sak sampunipun pati punika dados babagan ingkang wigati ing iman kapitadosan kita. Kita pitados bilih gesang ing donya punika namung sawetara. Pramila nalika kita nglampahi gesang ing donya, kita dipun ajak nglampahi gesang ingkang cunduk kaliyan karsanipun Gusti. Ajrih-asih dhumateng Gusti kedah dados sikep gesang kita supados kita mboten kecalan gesang langgeng ingkang sampun prasetyakaken dening Gusti.

Wahyu 14:1-11 paring gambaran babagan kaluhuranipun Sang Cempe lan para tiyang ingkang setya dhateng Panjenenganipun. Ing ayat 1, kita nyumurupi Sang Cempe jumeneng wonten ing Gunung Sion, kadherekaken 144.000 tiyang ingkang sampun dipun tandhani asmanipun Gusti wonten ing bathukipun. Punika nggambaraken bilih tiyang-tiyang punika kagungan pratandha kasetyan lan kagungan sesambetan ingkang raket kaliyan Gusti Allah. Gesangipun namung kangge nindakaken karsanipun Gusti, lan mboten kesasar pepenginan donya. Selajengipun, wonten pawartos saking malaekat ingkang martosaken Injil langgeng dhateng sadaya bangsa, supados para manungsa sami ajrih-asih dhumateng Gusti lan ngluhuraken Panjenenganipun. Punika dados pangeling bilih gesang kita punika mboten namung kangge dhiri pribadi, nanging ugi dados sarana martosaken kabecikan lan kawilujengan saking Gusti dhateng tiyang sanes. Ing ayat-ayat salajengipun kapratelakaken bebaya tumrap tiyang ingkang milih ngetutaken kewan lan nampi tandhanipun. Punika nggambaraken bilih wonten akibat ingkang awrat tumrap tiyang ingkang nyingkur Gusti lan milih gesang ing dosa. Pramila, kita dipun engetaken supados tansah waspada lan milih margi ingkang leres.

Lumantar perangan punika, kita sinau bilih kasetyan dhumateng Gusti punika mboten gampil, nanging maringi pangajeng-ajeng lan kamulyan ing pungkasan. Mangga kita tansah setya tuhu lan ajrih-asih dhumateng Gusti. Mekatena ugi sampun ngantos kita kesasar dening panggodha donya. Mangga kita tansah mbangun turut karsanipun Gusti supados kita saged kepanggih dados umat kagunganipun Gusti lan nampi gesang langgeng. Amin. [Kuh.C].

“Ajrih asih dhumateng Gusti dados tanggeljawab tiyang pitados.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak