Mangun Kasetyan Dhumateng Gusti Pancaran Air Hidup 9 Agustus 2025

9 August 2025

Waosan: Jabur 33 : 12 – 22  |  Pamuji: KPJ­­­­­­­­­­­­­­­­­­­­. 198 : 1 – 3
Nats: “Nyawa kita nganti-anti marang Sang Yehuwah. Panjenengane iku pitulungan lan tetameng kita.” (Ayat 20)

Pak Tilek nalika layar ing seganten nate ngalami prahara. Punika ndadosaken piyambakipun ajrih. Ing salebeting raos ajrih, pak Tilek tetep ngupadi ngandhelaken kapalipun, nanging ombak sangsaya ageng. Pungkasanipun, Pak Tilek nyerah, lajeng ndonga, “Gusti, namung Paduka ingkang dados pangajeng-ajeng kawula.” Mboten dangu, prahara wau lerem lan pak Tilek saged dumugi tujuan kanthi wilujeng. Pengalaman punika dados pasinaon kangge pak Tilek supados tansah sumendhe dhumateng Gusti ing sadengah kawontenan.

Waosan kita ngengetaken kabingahan ingkang sejati punika namung wonten ing Sang Yehuwah. Awit Sang Yehuwah dados pitulungan lan tetamenging gesang (Ay. 20). Panjenenganipun mirsani lan tepang sedaya manungsa, nguningani penggalih manahipun manungsa (Ay. 13-15) lan kersa nedahaken sih kasetyan-Ipun dhateng tiyang ingkang  sumendhe dhumateng Panjenenganipun (Ay. 18-19). Panjenenganipun punika dados kakiyatan saha pengajeng-ajeng tumrap sedaya manungsa (Ay. 20-22). Kanthi mekaten, sedaya bangsa ingkang ndadosaken Sang Yehuwah minangka Allahipun badhe ngalami gesang ingkang rukun, ngalami pangayoman saking bebaya lan pakewed, nampi kakiyatan kangge ngadhepi tantangan lan ngalami kawilujengan saha kabingahan ingkang sejati. Awit saking punika, juru serat Jabur ing ayat 20 matur: “Nyawa kita nganti-anti marang Sang Yehuwah. Panjenengane iku pitulungan lan tetameng kita.”

Kados dene Pak Tilek wau, gesang kita ugi asring ngalami prahara, kados ta prekawis ekonomi, gesang bebrayatan, usaha ingkang gagal, lsp. Nanging, nalika kita mangun gesang kalambaran iman dhumateng Gusti, kita badhe manggihaken pitulungan lan pangayoman, matemah kita kiyat ngadhepi maneka werni prahara gesang punika. Awit saking punika, sumangga kita tansah mangun dhiri setya lan manut Gusti minangka sumber pitulungan kita. Kita pasrahaken gesang kita sawetahipun dhumateng Gusti, kanthi iman kita badhe nampi kakiyatan, pangayoman, pitulungan, saha ngalami gesang ingkang ayem lan tentrem. Amin. [nn].

“Mangun gesang manut lan setya dhumateng Gusti ndadosaken kita saged manggihi sumber kakiyatan ingkang sejati ing salebeting katresnan lan pangayomanipun Gusti ingkang mboten nate gagal.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak