Waosan: 2 Samuel 17 : 15 – 29 | Pamuji: KPJ. 82 : 1 – 3
Nats: “Pramila, panjenengan enggal-enggal ngaturana uninga dhateng Sang Prabu Dawud….” (Ayat 16a)
Tembung “wes ta manuta aku, penak-penak”, punika jargon dagelan ingkang asring dipun aturaken dening pak Ndut, inggih punika salah satunggiling pemain dagelan khas kutha Kediri ing Woko Channel. Pitembungan punika bilih kita rasosaken kanthi estu, manggihaken panemu ingkang wigati lan ngremenaken. Awit ing tembung punika ngemu teges, sinten ingkang kersa manut piyambakipun, tamtu badhe nampi babakan ingkang endah lan remenaken manah. Punika sarujuk, kados ingkang dipun tindakaken dening Gusti Allah, ingkang paring pitulungan dhateng Prabu Dawud lan para pandherekipun.
Wonten ing waosan kita, Sang Prabu Dawud nampi prekawis ingkang awrat, inggih punika badhe dipun pejahi dening Absalom, putranipun. Karana sih kamirahan-Ipun, Gusti Allah paring pitulungan dhateng Dawud. Husai paring kabar bab rancanganipun Absalom dhateng Dawud. Sanadyan wonten alangan, karana para utusanipun Husai, inggih punika Yonatan lan Ahimas dipun tepangi kaliyan jejaka. Sarta jejaka punika ngaturi pirsa dhateng Absalom. Nanging karana pangwaosipun Gusti Allah, Yonatan lan Ahimas punika pikantuk kanugrahan kawilujengan. Pitulunganipun Gusti Allah punika mboten kandek, rikala Dawud dugi ing kutha Mahanaim, piyambaikipun sampun kapapak dening para sakabatipun. Sarta punapa ingkang dados kabetahanipun tansah dipun cekapi para sakabatipun kalawau. Punika wujudipun pitulunganipun Gusti Allah dhateng Dawud ingkang purun mirengaken lan nindakaken karsan-Ipun Gusti.
Pitulunganipun Gusti Allah, karana Sang Prabu Dawud estu, setya lan sabar anggenipun migatosaken karsanipun Gusti Allah. Menawi kita kagungan pamanggih, “Pitulunganipun Gusti Allah ingkang nyata punika rikala punapa?” Pitulunganipun Gusti Allah punika estu kita raosaken rikala gesang kita nglampahi prekawis ingkang ewet lan awrat. Sumangga kita mbikak manah kita, satemah kita saged mirsani lan ngraosaken kados pundi pitulunganipun Gusti Allah ing sauruting gesang kita pribadi. Tembung ingkang kaaturaken dening pak Ndut “Wes ta manuta aku, penak-penak” dados sarana nuwuhaken kapitadosan kita dhumateng Gusti Allah kita, awit matut dhumateng Gusti Allah punika saestu sekeco. Amin. [Bojes].
“Wis ta manuta Gusti Yesus, penak-penak!”