Nggrundel Pancaran Air Hidup 9 Agustus 2023

Waosan: Pangentasan 16 : 2 – 16 , 32 – 36 | Pamuji: KPJ. 433
Nats:
“Ingsun wus miyarsa panggrundele wong Israel; padha tuturana mangkene: Ing wayah sore sira bakal padha mangan daging lan ing wayah esuk bakal padha wareg mangan roti, temah sira bakal padha sumurup yen Ingsun iki Yehuwah Allahira.” (Ayat 12) 

Ngadepi kowontenaning gesang ingkang ewet lan awrat saged ndadosaken tiyang punika nggrundel, awit wonten raos kuciwa ing manahipun. Tiyang nggrundel punika saged kelampahan menawi kasunyatan ingkang dipun adhepi kaliyan punapa ingkang dipun angen-angen benten kawontenanipun. Tiyang ingkang nggrundel punika katingal ing salebeting wicantenipun, boten namung katujokaken dheteng tiyang sanes kemawon nanging wonten ugi ingkang katujokaken dhateng Gusti Allah.

Nggrundel punika ingkang dipun tindakaken bangsa Israel dhumateng Gusti Allah. Kala semanten bangsa Israel saweg wonten ing pasamunan Sin, mlampah tumuju dhateng tanah Kanaan. Ing ngriku bangsa Israel kekirangan tetedhan. Lajeng bangsa Isarel ngrumaosi bilih langkung sekeca gesang ing Mesir tinimbang gesang ing pasamunan, awit ing Mesir taksih saged dhahar daging sarta roti ngantos tuwuk. Raos luwe pancen saged ndadosaken tiyang gampil nesu. Punapa ingkang dipun raosaken bangsa Israel pancen dados peranganing pambudidaya tumuju dhateng tanah Kanaan. Gusti Allah paring pangluwaran dhateng bangsa Israel saking Mesir supados saged pikantuk kamardikan. Nanging, bangsa Israel kedah kersa mbudidaya gesang. Nyatanipun Gusti Allah boten negakaken, Gusti Allah paring pangrimatan sarta kacekapan kabetahan rikala bangsa Israel mujudaken pambudayanipun. Gusti Allah dhawuh, “Ingsun wus miyarsa panggrundele wong Israel; padha tuturana mangkene: Ing wayah sore sira bakal padha mangan daging lan ing wayah esuk bakal padha wareg mangan roti, temah sira bakal padha sumurup yen Ingsun iki Yehuwah Allahira.”(Ay. 12).

Punapa ing salebeting pambudidaya nglampahi gesang punika, kita ugi asring dhawah ing tumindhak nggrundhel kados bangsa Israel? Sampun ngantos. Engeta, Gusti Allah boten nate negakaken kita. Gusti Allah punika mangertos punapa ingkang dados kabetahan gesang kita. Panjenenganipun ngersakaken supados kita pitados lan boten kuwatos bab kabetahan gesang. Sumangga kita nindakaken pakaryan kita kanthi teman, awit saking pakaryan ingkang kita tindakaken punika, Gusti karsa nyekapi lan mberkahi kita. Amin. [SWT].

“Nadyan ribed gilir gumanti, tamtu kula kedugi nyanggi.”

 

Bagikan Entri Ini: