Pambangun Turut Pancaran Air Hidup 9 Agustus 2021

9 August 2021

Waosan: 1 Para Raja 17 : 1 – 16 | Pamuji: KPJ. 203
Nats:
“Wong wadon mau nuli mulih lan nglakoni apa kang dipangandikakake dening nabi Elia; wasana wong wadon iku lan panjenengane sarta anake wong wadon iku padha bisa mangan nganti antara lawas.” (Ayat 15).

Mbangun turut punika patrap utawi sikep lan tumindak ingkang boten gampil dipun lampahi dening manungsa. Badhe langkung ewed malih menawi pambangun turut punika katujokaken dhateng dhawuhipun tiyang ingkang boten dados gantunganing gesangipun. Nanging, pambangun turut badhe dados radi gampil kelampahan menawi katujokaken dhateng tiyang ingkang dados gantunganing gesang. Upaminipun, lare alit gampil mbangun turut dhateng tiyang sepuhipun, sabab rumaos sedayanipun gumantung dhateng tiyang sepuhipun. Utawi karyawan dhateng pimpinanipun, awit lestarining padamelanipun gumantung dhateng pimpinanipun.

Nabi Elia mbangun turut sanget dhumateng dhawuhipun Gusti Allah. Nalika kadhawuhan kesah dhateng lepen Kerit, ngombe saking toya lepen punika sarta badhe nampi tedhan ingkang kakintun dening manuk gagak, Elia mbangun turut. Nadyan boten sekeca, Elia inggih mbangun turut, awit rumaos lan yakin bilih gesangipun gumantung dhumateng Allah. Mekaten ugi randha ing Sarfat mbangun turut dhateng dhawuhipun nabi Elia, awit Gusti Allah ingkang dados tuking gesangipun nanggel kabetahaning gesangipun lan kang putra. Awit pambangun turutipun, Gusti Alah paring berkah lan randha punika uwal saking kawontenan ingkang dipun kuwatosaken, saking pepejah, malah piyambakipun saged dados berkah tumrap tiyang sanes, inggih punika nabi Elia.

Tamtu panjenengan ngrumaosi lan yakin bilih gesang panjenengan gumantung dhumateng Gusti Allah. Pejah gesang kita, ayem tentreming manah kita gumantung dhumateng sih rahmatipun Gusti. Pramila, swawi mbangun turut dhumateng sedaya dhawuhipun Gusti. Sampun owel mbangun turut dhumateng Gusti. Katindakna kanthi pasrah, bingah lan sukarena! Gusti mesthi mberkahi saha nguwalaken gesang kita saking kawontenan ingkang nguwatosaken. Panjenenganipun malah badhe nyagedaken kita dados berkah tumrap tiyang sanes. Mbangun turut dhumateng Gusti ateges nindakaken sedaya ingkang dados dhawuh lan karsanipun, kalebet mbangun turut dhateng tatananing negari, netepi protokol kesehatan Korona. (st).

“Pejah gesang gumantung ing Gusti, pambangunturut kedah den bukti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak