Waosan: Lelakone Para Rasul 4 : 32-35 | Pamuji: KPJ. 384
Nats: “Dene Gusti ngluberake berkah marang wong mau kabeh. Ing pasamuwan mau ora ono wong siji-sijiakang nandhang kekurangan” (ay 33b-34a)
Tembung kembul bujana negesaken bilih sedaya tiyang pinaringan wekdal lan papan ingkang sami kangge ngraosaken tetedhan ingkang kacawisaken. Tradisi menika nedahaken satunggal penghayatan piyantun Jawi bilih sedaya tiyang nggadhahi posisi ingkang sami, nggadhahi wekdal lan kesempatan ingkang sami kangge andum kabingahan kaliyan sesaminipun. Dhasaripun raos syukur, amargi sampun binerkahan lan kepengen andum darbekipun kaliyan tiyang sanes.
Andum kabingahan lan andum barang darbe menika katedahaken wonten ing waosan kita. Ingkang dados salah satunggaling ciri gesang ing pasamuwan wiwitan. Dipun tedahaken bilih kathah tiyang katimbalan lan mangun gesang sesarengan, mangun patunggilan kanthi rukun tunggil manah lan pikiran. Tembung menika ngemu teges sedaya piyantun mbudidaya mangun dhiri mujudaken kasaenan lan sinau “melepas ego”. Minangka wujud nyata bilih sedaya peranganing patunggilan mbudidaya tunggil manah lan pikir, kathah piyantun ingkang nyade barang darbenipun, lajeng dipun pasrahaken dhateng para rasul lan saklajengipun kaadumaken dhateng anggota sanesipun ingkang mbetahaken. Kawontenan menika saged kalampahan awit sedaya piyantun sampun ngraosaken lubering katresnan lan kamirahanipun Gusti. Ngraosaken lubering berkahipun Gusti ndadosaken sedaya piyantun ing pasamuwan wiwitan nggadhahi “kepedulian lan empati” dhateng sesaminipun. Sedaya ngaturaken kanthi lila lan bingahing manah. Mboten rumaos langkung ageng saking sanesipun, mboten ugi rumaos kepeksa.
Kita sedaya tamtu sampun ngraosaken katresnan lan kamirahipun Gusti. Mangga “kesadaran” bilih kita binerkahan lan tansah binerkahan ndadosaken kita nggadhahi krenteg kangge purun “melepas ego” (mujudaken gesang rukun kaliyan sesami mboten namung kaliyan ingkang tunggil pitados nanging kaliyan sedaya piyantun) ugi mbudidaya gesang ingkang nggadhahi “kepedulian lan empati” dhateng sesami kita. [dh]
“Lubering berkah lan katresaninpun ngiyataken kita kangge tuwuh ing kasaenan, peduli lan ‘berempati’”