Waosan: Wulang Bebasan 4 : 10 – 27 | Pamuji: KPJ. 135
Nats: “Nanging dalane wong mursid iku kaya pepadhang ing wayah esuk, kang mundhak-mundhak padhange nganti tumeka ing wayah tengange.” (Ayat 18)
Gesang ing satengahing donya punika, kita dipun adepaken kaliyan pilihan-pilihan gesang ingkang wonten pengaruhipun kaliyan lampah gesang kita ing mangsa ngajeng. Saben dinten kita milih tumindak bener punapa tumindak awon, milih mikir bab ingkang positif punapa negatif, milih purun ngapura tiyang ingkang lepat punapa nyimpen raos dendam tumrap kalepatan tiyang dhateng kita. Pramila kita kedah wicaksana supados punapa ingkang kita pilih punika pas lan nuwuhaken kasaenan kangge gesang kita.
Waosan kita saking Wulang Bebasan 4:10-27 punika isinipun pepenget kangge kita supados wicaksana nglampahi gesang. Juru serat Wulang Bebasan maringi kalih conto gambaran tiyang gesang ing donya, inggih punika tiyang duraka lan tiyang mursid. Tiyang duraka punika tiyang ingkang nindakaken piala tumrap sesaminipun, punapa ingkang dipun lampahi ing gesangipun ndadosaken cilaka tiyang sanes. Juru serat Wulang Bebasan ngengetaken supados kita nebihi tiyang kados punika, sampun ngantos kita ngetutaken tiyang duraka (Ay. 14). Kosok wangsulipun, Juru serat Wulang Bebasan ngengetaken kita supados dados tiyang mursid, inggih punika ingkang ingkang bener laku gesangipun (Ay. 18). Tiyang ingkang nyunaraken pepadhang lan dados berkah kangge tiyang sanes. Juru serat Wulang Bebasan ugi ngersakaken supados gesang kita lumampah ing margi kawicaksanan lan lurus (Ay. 11).
Dawuh pangandikanipun Gusti ing wekdal punika cetha sanget kangge kita. Gusti Allah ngersakaken kita dados tiyang mursid, tiyang ingkang gesangipun manut kaliyan karsanipun Gusti. Mila supados kita saged dados tiyang mursid ingkang temen, mangga kita gesang miturut karsanipun Gusti. Ing pangucap, kita tansah ngedalaken tembung-tembung kasaenan ingkang mbangun paseduluran. Ing laku, kita tansah ngedalaken tumindak gesang ingkang bener, mboten sak pikajeng kita piyambak. Mekaten ugi ing pemanggih, kita tansah nggadah pemanggih ingkang positif, mboten gampang ngadili tiyang sanes. Ing wulan kespel punika, mangga kita ngetingalaken kesaksian ingkang nyata lumantar pangucap ingkang sae, laku gesang ingkang bener, lan pemanggih ingkang positif. Srana punika kita saged dipun wastani tiyang mursid. Gusti paring kakiyatan dan kawicaksanan dhateng kita mujudaken gesang dados tiyang mursid. Amin. [AR].
“Pitados, setya, lan manut Gusti, nuwuhaken kasaenan kangge gesang kita.”