Waosan: 2 Korinta 12 : 11 – 21 | Pamuji: KPJ. 115
Nats: “Aku sumelang manawa aku teka maneh, Allahku bakal ngesorake aku ana ing ngarepmu, sarta aku bakal ngrudatin awit dening wong akeh kang ing wektu kapungkur padha nglakoni dosa lan aku bakal susah banget, marga anane wong akeh, kang dhek biyen padha nglakoni dosa mangka durung mratobat, ninggal panggawe kang jember, laku jina lan pamblunthah kang padha dilakoni.” (Ayat 21).
Raos was sumelang saged dipun alami sintena kemawon, wiwit anak-anak ngantos tiyang diwasa. Kita rumaos was sumelang awit kita punika sadar bilih kita punika tiyang ingkang nggadhahi kathah kekirangan ing sadaya kawontenan. Kawontenan ingkang mekaten menawi boten saged dipun atasi kanthi cara ingkang leres, saged ndadosaken gesang kita karaosaken sisah lan lungkrah. Mila lumantar waosan dinten punika, kita kaengetaken bilih kakiyatan kita manungsa punika winates, kita mbethahaken pitulungan saking Gusti. Nalika kita pitados lan pasrah dhumateng Gusti, raos was sumelang punika saged kita atasi kanthi sae.
Rasul Paulus lan sadaya rencang sak paladosanipun dipun anggep asor kaliyan tiyang-tiyang Korinta. Sadaya piwucalipun Paulus dipun anggep dados watu sandungan lan kabodohan kangge sadaya tiyang. Kasisahan lan kasangsaran ingkang dipun alami dening Rasul Paulus dipun anggep prekawis ingkang boten aji. Tiyang-tiyang ingkang kasebat rasul palsu punika sami nentang piwucalipun Rasul Paulus. Ing sadaya kawontenan ingkang mekaten punika, Paulus tetap enget bilih piyambakipun punika utusanipun Gusti. Piyambakipun pasrah dhumateng Gusti, karana Gusti ingkang ngutus, nggih Gusti ingkang maringi kasagedan. Pramila Rasul Paulus ngengetaken tiyang-tiyang ing Korinto bilih Gusti Allah sampun paring tandha, mujizat lan panguwasa lumantar piyambakipun lan sadaya rencang damel paladosanipun.
Dados utusanipun Gusti Allah punika boten gampil, kadang kala nggih dipun tampik, kadang kala nggih nampi kasangsaran, panindes, kasisahan lan sanes-sanesipun. Ananging sadaya kasisahan punika saged kita lampahi awit Gusti punika tansah paring kakiyatan lan kasagedan dhateng kita. Gusti boten nate negakaken kita ingkang setya mujudaken pakaryan-Ipun. Sumangga yen ing wekdal punika kita dipun kuwaosi raos was sumelang ingkang ageng, kita enget bilih wonten Gusti ingkang dedalem ing manah lan gesang kita. Gusti tansah ngiyataken lan nyagetken kita nglampahi sadaya punika kanthi sae. Amin. [GRA].
“Yen ana Gusti ing gesang kita, raos was sumelang tamtu saged sirna”