Waosan : Yesaya 32: 1 – 8 I Pamuji: KPJ. 351: 1 – 4
Nats: “nanging wong kang luhur budine iku ngrancang bab-bab kang luhur, lan tansah tumindak mangkono”. (ayat 8)
Menawi kita ningali tiyang latihan “nyetir”, limrahipun tiyang punika taksih kaku anggenipun ngoper “persneling”. Karana dereng kulino mila bingung anggenipun ngoper persneling. Ananging tiyang ingkang sampun saged nyetir utawi mahir anggenipun nyetir mobil, boten badhe bingung malih ngoper persneling. Tiyang saged nyetir mobil kanthi lancar amargi sampun kulino. Anggenipun nyetir kados sampun boten mikir malih, sampun otomatis. Menapa kemawon menawi sampun kulino, mila badhe dados gampil.
Gegayutan kalihan nats kita, kita dipunengetaken bilih manungsa ingkang luhur budinipun bakal tansah tumindak luhur ing gesang padintenan. Menika negesaken bilih sedaya prekawis gumantung kaliyan pakulinan ingkang kita gadhahi. Menawi gadhah pakulinan nindakaken tumindak ingkang luhur tamtunipun boten bakal nggadhahi pepinginan nindakaken tumindak nistha lan ala. Menika saged kalampahan kalayan otomatis. Kosok wangsulipun, bilih nggadhahi pakulinan nindakaken tumindak nistha lan ala, tamtunipun inggih otomatis asring nindakaken pakaryan ingkang nyilakani pigesanganipun asanes.Supados gadhah pakulinan sae, kedah dipun gladi kanthi ajeg lan tekun. Mboten ujug-ujug wonten pakulinan punika.
Gegayutan kaliyan wulan Kitab Suci punika, kita dipun engetaken malih supados asring nyuraos Kitab Suci supados dados pakulinan. Lumantar nyuraos Kitab Suci kita saged manggihi kaluhuran ingkang sejati.
Sumangga kita mbangun pigesangan kita kanthi tumemen nindakaken karsanipun Gusti ing pigesangan. Kita gladi diri kita supados gadhah pakulinan nindakaken pakaryan ingkang luhur. Menawi sampun gadhah pakulinan tumindak luhur, mila badhe tansah nuwuhaken pakaryan-pakaryan ingkang sae lan migunani kagem sesame ing gesang padintenan. Tiyang ingkang gadhah pakulinan tumindak luhur saged mujudaken pigesangan ingkang kebak tentrem rahayu. [pnd]
“Kaluhuraning gesang awit tuwuhing pakulinan ingkang luhur”