Waosan: Pangandharing Toret 22 : 13 – 30 | Pamuji: KPJ. 436
Nats: “Manawa ana wong lanang ketemu awor turu karo wong wadon kang nduwe bojo, karo-karone padha kaukuma pati, iya kang lanang kang nuroni wong wadon mau, iya kang wadon.” (Ayat 22)
“Ing pigesangan punika mboten wonten kanca utawi mungsuh ingkang langgeng, ingkang wonten namung kepentingan ingkang langgeng.” Tembung punika asring kita panggihi gegayutan kaliyan jagad politik. Tiyang ingkang sak derengipun crah, saged rukun lajeng kolaborasi dados kanca nalika nggadhah kepentingan ingkang sami. Kosokwangsulipun, sanadyan tiyang kalawau kanca raket sampun dangu, nalika salah satunggalipun nggadhahi kepentingan ingkang mboten sami, kekancan raket kalawau saged ambyar lan bubrah.
Kitab Pangandharing Toret 22:13-30 nyariosaken bab tatanan nenikahan bangsa Israel. Tatanan nenikahan kalawau ngatur kangge tiyang jaler ingkang tilem kaliyan tiyang estri ingkang sampun nggadhah garwa, ing pundi tiyang jaler lan estri kalawau kedah dipun ukuman pati (Ay. 22). Saking ayat punika, kita mangertos bilih sejatosipun angger-angger kalawau kangge mranata bangsa Israel, ingkang sejatosipun sadaya punika sedherek saking anak-turunipun Yakub. Nyata bilih bangsa Israel saged nindhakaken bab ingkang mboten leres, inggih punika ngrisak rumah tangganipun kanca utawi sedherekipun. Sedherek utawi kanca raket ingkang selingkuh kaliyan semahipun, punika ingkang ndadosaken kaprihatosan. Mila ukuman ing pantes kangge tiyang kados punika, ukuman pati.
Kanca ingkang sejati punika tansah sumadya ngancani lan nglipur, mboten malah mlajeng kabur. Punapa ingkang ndadosaken kita kekancan lan mangun pasedherekan punika? Salah satunggilipun amargi kita nggadhahi prinsip bilih kita gesang punika mboten piyambakan. Kita kepengin nggadhahi kanca ingkang sami mangertosi nalika gesang lan sangkul sinangkul nalika bungah-sisah. Pramila nalika kita kekancan perlu kita dhasari srana prinsip-prinsip ingkang leres, kados tresna-tinresnan, ngutamiaken kayekten, setya, lsp. Kekancan ingkang mboten dipun dhasari bab punika, kekancan ingkang semu. Sumangga kita sami kekancan kanthi sae, kekancan ingkang dipun landhesi kaliyan katresnan ingkang tulus, sanes kepentingan pribadi. Kita nyuwun dhumateng Gusti supados Gusti nganthi kita kangge mujudaken gesang kekancan ingkang sejati. Amin. [bk].
”Kekancan ingkang sejati dipun dasari kaliyan katresnan, kayekten, lan kasetyan saking Gusti Allah.”