YBPK: Nuwuhaken Generasi Sae Pancaran Air Hidup 7 Mei 2025

7 May 2025

Waosan: Lukas 5 : 1 – 11  |  Pamuji: KPJ. 345 : 1
Nats: Aja wedi, wiwit saiki kowe bakal padha amek wong.” (Ayat 10)

Punapa wonten tiyang sepuh ingkang mboten kepingin putra-putrinipun sukses lan gesang mapan? Tamtu kemawon mboten wonten awit sadaya tiyang sepuh tansah dedonga lan nggadahi pangajeng-ajeng supados putra-putrinipun gesang ing kasuksesan, sae ing bab bebrayatan lan ugi ing pandamelan. Karana punika, maneka cara katindakaken dening tiyang sepuh supados putra-putrinipun punika saged nggayuh prekawis punika, salah satunggalipun lumantar “bangku sekolah”. Putra putrinipun punika dipun sekolahaken wiwit PAUD ngantos Perguruan Tinggi, kanthi pengajeng-ajeng putra-putrinipun punika saged nyambut damel kanthi mapan lan sae.

Simon Petrus, Yakobus, lan Yokanan punika kalebet tiyang ingkang nggadhahi pandamelan ingkang mapan. Simon Petrus dados juru amek ulam ingkang sampun pengalaman, mekaten ugi Yakobus lan Yokanan badhe nglajengaken usahanipun Zebedeus, tiyang sepuhipun. Ing saganten Genesaret, Gusti Yesus ngutus Simon Petrus supados ngayuh prauipun ing papan ingkang lebet lan nyebaraken jalanipun. Sinaosa sedalu muput, Simon Petrus mboten angsal ulam babar pisan, nanging nalika Gusti Yesus ngutus, Simon Petrus manut dhateng dawuhipun Gusti Yesus. Selajengipun jala punika kebak ulam. Lumantar prekawis ingkang kados mekaten kalawau, Simon Petrus, Yakobus lan Yokanan ingkang asalipun dados juru amek ulam, lajeng dipun utus Gusti Yesus dados juru amek manungsa. Kenging punapa dados juru amek manungsa? Kasunyatanipun pandamelan juru amek ulam punika sampun mapan lan sae kangge ketiga tiyang punika. Wangsulanipun karana Gusti Yesus piyambak ingkang ngersakaken Simon Petrus, Yakobus lan Yokanan dados sakabat-Ipun. Dados juru amek manungsa punika tegesipun Petrus, Yakobus lan Yokanan badhe dipun utus martosaken Kratoning Allah supados saben tiyang ingkang pitados Gusti kapanggihaken sami wilujeng.

Wonten ing gesang kita, bab timbalan lan pangutusan saking Gusti punika, asring kathah tiyang ingkang mboten purun. Ing pekan sokur YBPK punika, kita dipun utus Gusti Yesus kangge ngrimati lan ndherek bot-repoting YBPK, satemah sekolah-sekolah salebeting YBPK saged dados pawiyatan ingkang tansah nggesangaken generasi ingkang sae, generasi ingkang tatag ngadepi kemajenganipun jaman ingkang kebak tantangan. Refleksi kangge kita sami: bilih sanes kita ingkang ngrimati YBPK, sinten malih? Gusti mberkahi kita. Amin. [dea].

”Generasi sae punika wonten ing pundak kita sami.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak