Tansah Eling lan Mratobat Pancaran Air Hidup 7 Maret 2022

7 March 2022

Waosan: 1 Babad 21: 1 17 ǀ Pamuji: KPJ. 84
Nats:
Dhuh Pangeran Yehuwah, Gusti Kawula, asta Paduka mugi ndhawahana kawula saha kulawangsa kawula, nanging sampun ngantos tumempuh dhateng umat Paduka.” (Ayat 17)

Warga: “Ngapunten lho pak Ndito, leres panci gegujenganipun tiyang-tiyang: Mengko lek wis duwe mobil ati-ati lho, soale isa gampang ngrasakne dalan ning ngarep greja kuwi lunyu. Apa maneh lek dina minggu, budal tekan omah karepe ngabekti, bar ngarep greja malah kebablasen gak sido ngabekti. Kula niki sakjeke ngadah mobil, kados-kados wonten mawon acarane, napa malih pas dinten minggu. Kula rumaos dosa mboten sregep ngabekti.

Pendita:“Nggih nyuwun hikmat saking Gusti kemawon Pak lan mangga sregep ngabekti malih.

Raos nyaman lan nduweni punika, asring saged ndadosaken tiyang punika tumindak ngremehaken samubarang prekawis, sombong, lan gumunggung. Sifat ingkang kados mekaten punika saged ndadosken para tiyang pitados dawah ing pacoban lan panguaosipun roh pepetheng. Kados dene ingkang dipun alami dening Dawud nalika ngandelaken kekiyatanipun piyambak. Dawud rumaos gumunggung amargi asring menang ing paperangan, rumaos nggadahi prajurit ingkang katah lan wilayah krajaan ingkang wiyar. Tumindakipun Dawud punika mboten ngremenaken manahipun Gusti Allah, amargi sedaya punika kagunganipun Gusti Allah. Punapa ingkang dipun lampahi Dawud punika saged ndadosaken Dawud sarta bangsa Israel nampi paukuman saking Gusti Allah. Karana punika Dawud mratobat lan purun ngakeni sedaya kalepatanipun ing ngarsaning Gusti Allah.

Mboten wonten manungsa ingkang sampurna, saben tiyang mesti nate nglampahi tumindak ingkang mboten sae, mboten ngener ing marginipun Gusti Allah. Ingkang wigatos, kita saged sadar, purun ngakeni lan purun mratobat saking dosa lan kalepatan kita. Sanajan prekawis punika awrat, kita kedah gadahi pangajeng-ajeng bilih Gusti Allah punika kebak Sih Kawelasan lan saged nyampurnaaken gesang kita langkung sae anggenipun nglampahi gesang. Sumangga kita sami marek ing ngarsanipun Gusti Allah. Amin. [RM].

 “Aja ketungkul marang kalungguhan, kadonyan, lan kamareman.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak