Waosan: Mateus 9 : 9 – 13, 18 – 26 | Pamuji: KPJ. 80
Nats: “Kang Sunkarsakake iku dudu kurban, nanging kawelasan. Sabab tekaKu iki ora ngundang wong sampurna, nanging wong dosa.” (Ayat 13b)
Salah satunggaling piwucalipun Gusti Yesus tumrap gesang kita inggih punika bab katresnan. Wonten Mateus 22:37-40, Gusti Yesus ngersakaken supados kita nresnani Gusti Allah kanthi gumolonging ati, nyawa, lan budi kita. Kejawi punika, kita ugi nresnani sesami kadosdene nresnani dhiri kita piyambak. Kasunyatanipun gesang kita saben dinten nelakaken bilih nresnani tiyang ingkang sampun tumindhak becik dhumateng kita punika prekawis ingkang limrah, tanpa kewedan temahan kita nindhakaken kanthi bingah ing manah. Ananging, punapa kita ugi sagah nelakaken katresnan dhumateng tiyang ingkang kaanggep dosa langkung-langkung sengit dhateng kita?
Waosan kita ing dinten punika mratelakaken pepanggihanipun Gusti Yesus kaliyan Mateus (juru mupu beya), lelurahing papan pangibadah, lan tiyang estri. Dhateng tiyang tiga punika, Gusti Yesus nelakaken katresnanipun srana paring pitulungan ing salebeting kasisahaning gesang ingkang dipun raosaken. Mateus ngraosaken sisah awit nalika semanten pandamelanipun minangka juru mupu beya dipun anggep dosa lan nistha. Lelurahing papan pangibadah ngraosaken sisah awit anakipun estri saweg tilar donya. Tiyang estri ngraosaken sisah awit sampun kalih welas taun anggenipun nandhang sakit nggrajag getih lan dipun anggep “najis”. Gusti Yesus mboten namung paring piwucal kemawon dhateng tetiga tiyang punika nanging mujudaken piwucalipun kanthi nyata lumantar tumindhakipun, nimbali tiyang ingkang kanggep dosa punika, lajeng paring kasarasan lan kawilujengan.
Minangka umat kagunganipun Gusti, sumangga kita tansah mbudidaya nindakaken katresnan ingkang tulus. Caranipun: kita nresnani lan ngajeni sadaya tiyang tanpa mawang “status sosialipun”, sae punika pangkat-drajat, sugih-mlarat lan sanesipun. Kita nresnani lan ngajeni tetiyang ingkang kaanggep dosa lan nistha gesangipun. Umpaminipun: tiyang ingkang gesangipun cengkah kaliyan dhawuhipun Gusti, tiyang ingkang sengit lan gething dhateng gesang kita, lsp. Srana katresnan ingkang tulus, kita ngupadi mbikak margining pamratobat kangge tiyang ingkang kaanggep dosa. Srana katresnan ingkang tulus kita ugi mbudidaya mbikak margining karukunan, tentrem rahayu dhateng tetiyang ingkang sengit lan gething dhateng kita. Amin. [G-Mbul].
“Nresnani sesami kanthi tulusing manah awit saben titah iku citraning Gusti Allah.”