Waosan: Jabur 26 : 1 – 8 | Pamuji: KPJ. 334
Nats: “Dhuh Yehuwah, kawula tresna dhateng papan padaleman Paduka kaliyan dhateng papan kamulyan Paduka.” (Ayat 8)
Satunggaling pelaut ingkang kathah pengalamanipun, mboten gupuh nalika wonten prahara. Pelaut punika mboten gumantung dhateng raosipun piyambak, nanging ngandelaken kompas lan peta ingkang sampun kabukti leres. Ombak saged ngoyak kapal nanging arah tansah kaasta kanthi tumemen. Mekaten ugi iman kita minangka tiyang pitados. Ing satengahing krisis, nalika kahanan ngimpit saha kaadilan katingal tebih, iman dados kompasing gesang. Sanes kahanan ingkang nemtokaken lampah kita, nanging iman kita dhumateng Gusti Yesus ingkang nuntun lampah gesang kita.
Jabur 26 punika dipun sebat Jabur pangajeng-ajeng lan pangaken iman ingkang medal saking konteks krisis pribadi. Juru Mazmur miturut tradisi asring dipun gandhengaken kaliyan Sang Prabu Daud, ngalami gesang ingkang kebak tekanan, fitnah, lan tumindak mboten adil. Ing masyarakat Israel kuna, drajat lan integritas punika wigati sanget amargi nemtokaken papanipun tiyang ing komunitas lan ngarsanipun Gusti Allah. Tuduhan palsu saged ngrusak nami, drajat, lan tembe wingking gesang. Saking ngriki, Juru Mazmur mboten enggal mbela dhirinipun ing ngajenging manungsa, nanging masrahaken gesangipun dhumateng Gusti Allah. Piyambakipun nyuwun supados Gusti Allah karsa nyobi lan nliti priksa manahipun. Bab punika nggambaraken kapitadosanipun Dawud bilih Gusti Allah punika Hakim ingkang adil. Jabur punika ugi nedahaken gegandhengan ingkang kiyat kaliyan Padaleman Suci minangka pusat patemon kaliyan Gusti Allah. Ing satengahing krisis, rawuhipun Gusti Allah wonten ing Padaleman Suci dados sumbering kakiyatan, katentreman, lan pangajeng-ajeng. Iman tuwuh saking sikep gesang ingkang ngrembaka ing kapitadosan dhumateng kaadilanipun Gusti Allah.
Saking Jabur 26 punika wonten pitakenan kangge kita, “Dhateng sinten kita mlampah nalika ngadepi krisis?” Donya asring ndhesek kita supados mbela dhiri, males, lan milih margi cekak. Nanging Juru Mazmur ngajak kita sami milih lumampah ing integritas saha nyedhak dhumateng Gusti Allah. Iman sejati punika dipun uji nalika kita ngalami krisis. Ing satengahing krisis ekonomi, konflik ing brayat, Gusti nimbali kita supados tetep jujur, setya, lan nggadhah pangajeng-ajeng dhumateng Panjenenganipun. Awit saking ngarsanipun Gusti punika badhe medal kakiyatan enggal kangge kita lumampah kanthi iman lan pangajeng-ajeng ingkang mantep. Amin. [WAY].
“Iman ingkang jejeg dados kompasing gesang nalika donya kaguncang.”