Temen-Temen Tresna Renungan Harian 7 Juni 2018

7 June 2018

Waosan:  1 Petrus 4:7-19 | Pamuji: KPJ 129
Nats:
“Padha tumemena anggonmu tresna tinresnan, jalaran katresnan iku nutupi dosa kang akeh banget”  (ayat 8)

Punapa panjenengan nate mireng lagu punika? “Kalau kau benar-benar sayang padaku, Kalau kau benar-benar cinta, Tak perlu kau katakan semua itu, Cukup tingkah laku”. Lagu punika saged dipunpirsani ing:https://www.youtube.com/watch?v=euat8iyN_Js. Lagu punika ngemu suraos menawi saestu anggenipun tresna, mboten perlu dipun ucapaken, nanging cekap wonten ing tindak tanduk.

Raos tresna dhateng tiyang sanes, asring namung wonten ing lathi kemawon lan mboten kawujudaken ing tindak tanduk. Menawi namung wonten ing lathi kemawon, tresnanipun punika boten tulus lan ikhlas. Lan sejatosipun punika sanes tresna, nanging namung “nggombal”, awit mboten wonten kasunyatanipun.  Katresnan ingkang dipun kersakaken Gusti, kados ingkang wonten ing seratipun Rasul Petrus punika, katresnan ingkang wonten kasunyatanipun. Tembung basa Yunani ingkang kaagem kangge nyebat “tresna” punika agape.Agape punika tegesipun tresna ingkang mboten mentingaken diri pribadi utawi tresna ingkan tanpa winates lan tanpa syarat. Kados tresnanipun Gusti Yesus dhateng manungsa, ingkang kersa ngorbanaken diri kangge nebus dosanipun manungsa.

Kados pundi katresnan ingkang kita wujudaken ing pigesangan sadinten-dinten? Punapa saged kita wujudken kanthi temen? Punapa namung ing lathi? Menawi kita dipun engetaken supados mujudaken tresna kanthi temen, punika ateges bilih kita kaajak dados tuladha ing masyarakat. Nggih kanthi mujudaken tindak tanduk ingkang  sae dhateng sesami. Awit samangke kathah tiyang ingkang gampil sanget dipun panas-panasi, satemah dhawah ing kekerasan lan tumindak ala dhateng sesami. Biasanipun punika kelampahan awit benten ing pemanggih kaliyan sesaminipun. Mugi kita saged mujudaken katresnan ing gesang kita. Amin. (SWT).

“Padha tresna-tinresnanana klawan ati kang bungah”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak