Madal Sumbi Pancaran Air Hidup 7 Juli 2025

7 July 2025

Waosan: Yeremia 6 : 10 – 19  |  Pamuji: KPJ. 52
Nats: “He bumi, tilingna! Lah, Ingsun bakal ndhatengake bilai marang bangsa iki, minangka wohing rancangane wong-wong iku, amarga padha ora ngrungokake marang dhawuhingSun lan nampik piwulangingSun” (Ayat 19)

Wonten salah satunggaling paribasan ingkang mekaten: “madal sumbi.” Tembung madal sumbi sejatosipun sebatan kangge jarit ingkang njekethut utawi mboten rata lan alus. Madal ateges nglawan utawi mbalela, dene sumbi punika piranti ingkang kaagem nenun jarit. Tembung punika lajeng kaagem nggambaraken pigesangan manungsa ingkang asring mbalela, mbanggel, lan mboten manut. Madal sumbi dados pasemon kangge tiyang ingkang nggadhahi watak wangkal lan wangkot. Gesangipun tiyang ingkang kados mekaten kagambaraken kados jarit ingkang njekethut amargi madal saking sumbinipun.

Paribasan madal sumbi punika saged nggambaraken gesangipun bangsa Israel ing waosan kita samangke. Gesangipun bangsa Israel ingkang madal sumbi kaserat cetha kados dene cariyos ing ayat 16-17. Awit karana mekaten Gusti Allah paring dhawuh dhumateng Yerusalem lan Yehuda bilih bangsa punika badhe nampi bilai amargi rancangan lan lelampahan gesangipun ingkang tebih saking karsanipun Gusti Allah. Bangsa Israel ingkang dados bangsa ingkang kapiji dening Gusti Allah, kasunyatanipun nalika nglampahi pigesangan mboten cunduk kaliyan karsanipun Gusti Allah. Kados dene ingkang dipun dhawuhaken bilih bangsa punika, “ora ngrungokake marang dhawuhingSun lan nampik piwulangingSun” (Ay. 19). Estu, kawontenan gesang ingkang kados mekaten saged damel sekel galihipun Gusti Allah. Bangsa Israel ingkang dipun tresnani dening Gusti Allah, bangsa ingkang ugi mbalela dhumateng Gusti Allah.

Sesarengan kita sinau saking lelampahan gesang bangsa Israel, swawi kita ugi niti priksa pigesangan kita piyambak-piyambak. Punapa kita ugi nglampahi pigesangan kados dene bangsa Israel ingkang madal sumbi? Punapa kita taksih asring mbalela? Bilih kita taksih dereng saged nindakaken karsanipun Gusti Allah, swawi kita sami nyuwun pangaksami dhumateng Gusti Allah. Pigesangan kita dados putraning Allah punika estu dipun tresnani Gusti. Dene wonten ingkang kersa ngakeni kalepatan lan panerakipun tamtu Gusti Allah tansah paring pangaksami. Swawi kita ngupadi gesang ingkang setya-tuhu dhumateng Gusti Allah lan sampun ngantos gesang kita kados dene jarit ingkang njekethut utawi madal sumbi. Amin. [DAR].

“Sing sapa tetep setya bakal raharja.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak