Waosan: Markus 6 : 1 – 13 | Pamuji: KPJ. 113
Nats: “Lan manawa sawijining panggonan emoh nampani kowe lan wong-wong ing kono ora padha gelem ngrungokake kowe, metua saka ing kono, lebu ing sikilmu ketabna. Iku minangka pepenget kanggo wong mau.” (Ayat 11)
Saben tiyang tamtu gadhahi wates ing bab kasabaran. Punapa malih nalika ngadhepi tiyang-tiyang utawi putra putri ingkang ewed dipun tata, ewed dipun sanjangi, lan ewed dipun gulawenthah. Biasanipun tumindak ingkang dipun pilih inggih punika mendel. Pramila wonten pepatah, “Diam itu emas”. Ananging, sumangga kita raos-raosaken, punapa saestu mendel dados sikep ingkang sae? Ing sasisih, kita kedah sadar bilih wicara ingkang leres punika kedah katindakaken. Kayekten punika kedah kababar. Satemah, mboten namung mendel ingkang sae, atur pangucap kayekten punika ugi mulya.
Waosan kita dinten punika nggambaraken kados pundi respon tiyang-tiyang Nasaret nalika sumerep Gusti Yesus nindakaken pakaryan agung. Sedaya tiyang punika sami kaeraman, ananging mboten dadosaken tiyang-tiyang kalawau pitados. Tiyang-tiyang kalawau justru nampik rawuhipun Yesus Kristus. Ingkang nrenyuhaken, Gusti Yesus mboten ngatingalaken duka-Nipun, ananging tansah andhap asor. Langkung malih, Gusti Yesus tetep setya nindakaken pakaryan-Ipun, inggih punika mulihaken ingkang sakit, paring piwulang ing desa-desa bab pangandikanipun Gusti Allah. Gusti Yesus ugi ngutus para sakabat-Ipun kanthi piweling bilih para sakabat kedah tetep fokus anggenipun lelados saha tanggon ngadhepi punapa kemawon ingkang badhe kalampahan. Mliginipun, nalika wonten respon-respon ingkang nampik para sakabat.
Ing pekan anak punika, sumangga kita ngladhi dhiri kita, minangka tiyang sepuh, punapa kita nate nampik putra-putri kita karana benten kaliyan ingkang dados pangajeng-ajeng kita? Minangka tiyang sepuh mbok menawi kita nate meksa dhateng putra-putri kedah saged nindakaken lan mujudaken ingkang dados pikajeng kita. Sumangga kita sinau saking waosan dinten punika, bilih saben tiyang punika nggadhahi kaunggulan piyambak-piyambak. Mugi kita kasagedaken nggulawenthah putra-putri kita kalandhesan katresnanipun Gusti. Sanadyan pambudidiya kita ingkang cundhuk kaliyan karsanipun Gusti dereng saged sawetahipun katampi dening putra putri kita, sampun ngantos kita semplah. Sumangga kita tetep makarya nindakaken pangandikanipun Gusti. Mangga kita dadosaken Pekan Anak punika, landesan kangge kita makarya nindakaken kabecikan ing satengahing brayat kita. Gusti Allah nyagedaken kita nindakaken pakaryan-Ipun. Amin. [AW].
“Katampik mboten dados alasan kita kendel makarya.”