Waosan: Yakobus 2 : 14 – 26 | Pujian: KPJ. 450 : 1 – 2
Nats: “Kowe pracaya, manawa mung ana Gusti Allah siji? Iku becik. Nanging setan uga pracaya ing bab iku, banjur padha gumeter.” (Ayat 19)
Ing sak tengahing pirembagan PA bab iman kapitadosan, wonten setunggaling warga ingkang nesu dhateng pemimpin PA. Piyambakipun nesu awit pemimpin PA matur, “tiyang ingkang pitados dhumateng Gusti Allah, nanging ing gesangipun mboten nate netepi lan lampahi karsanipun Gusti, punika kados setan ugi pitados Gusti Allah.” Karana sejatosipun kapitadosan punika mboten cekap namung dipun ucapaken kemawon, nanging kedah ugi dipun tindakaken wonten ing gesang. Pemimpin PA punika jelasaken pemanggihipun punika gandheng kaliyan seratanipun Rasul Yakobus, bilih tiyang pitados namung ngucap bab kapitadosan kemawon, ateges kapitadosanipun punika nglaha, mboten wonten gunanipun kangge gesang pribadi lan para sedherek patunggilan. Sak sampunipun mireng piwulang punika, warga ingkang nesu kalawau nembe sadar.
Piwulangipun Rasul Yakobus punika pancen nggadahi ciri ngungkap laku kapitadosan ingkang nyata ing sak tengahing gesangipun manungsa. Miturut Rasul Yakobus, bilih tiyang namung ngucap bab iman kemawon nanging mboten nate dipun tindakaken ing gesangipun, punika kapitadosan ingkang nglaha. Kosokwangsulipun sanajan iman punika mboten nate dipun pamer-pameraken ing pangucap, nanging estu dipun tindakaken ing gesang padintenan tamtu saged dados berkah kangge tiyang katah. Karana tumindak nyata kalawau ingkang dadosaken kapitadosan sansaya teguh lan saged madhangi gesangipun manungsa.
Sedaya tiyang Kristen pitados Gusti Allah punika sampun nebus lan nyucekaken gesangipun umat manungsa, lumantar Rah kurbanipun Gusti Yesus wonten ing kajeng salib. Kangge ngabaraken pawartos rahayu dhateng tiyang katah, kita mboten saged namung pamer perangan ayat-ayat saking Kitab Suci. Gesang kita kedah dados Kitab Suci ingkang saged kawaos tiyang kathah. Sarana tumindak kita punika, para tiyang sanes saged pitados bilih Gusti Allah punika estu nresnani manungsa. Conto ingkang nyata saged kita wiwiti saking brayat kita, bilih wonten ing brayat taksih asring tukar padu utawi asring maido tiyang sanes, tamtu tiyang sanes mboten badhe pitados bilih Gusti Allah. Nanging kosokwangsulipun bilih brayat punika rukun lan remen tetulung, tamtu seged dados tuladha ingkang nyata bilih Gusti Allah punika Maha Tresna. Amin. [DKR].
“Dodol kecap yo kudu ditawake, aja mung ngucap ayo pada ditindhake”