Waosan: Markus 1 : 4 – 11 | Pamuji: KPJ. 112 : 1, 2
Nats: “Sira iku Putra kang Suntresnani, kang dadi keparenging panggalihingSun.” (Ayat 11)
Ing kitha Awang wonten salah satunggaling ibu ingkang kagungan putra kalih. Ingkang nomer setunggal naminipun Satu ingkang nomer kalih naminipun Dua. Satu putra ingkang mbangun turut dawuh lan pitedah saking ibunipun, sanajan ibunipun mboten wonten griya Satu tansah nglampahi sedaya tugas kewajibanipun kanthi sae. Dene Dua putra ingkang asring mbalela dhumateng dawuh lan pitedah saking ibunipun, nalika ibunipun mboten wonten griya, Dua asring namung ongkang-ongkang kemawon. Sasampunipun ibunipun seda Satu lan Dua kedah gesang mandiri. Kanthi sangu dawuh lan pitedahipun si ibu Satu saged gesang kanthi sae lan tumata, dene Dua gesangipun katula-tula. Punika tundonipun tiyang ingkang mbangun turut lan ingkang mboten mbangun turut pitedah gesang saking tiyang sepuhipun.
Yokanan Pambaptis paring pitedah dhumateng tiyang-tiyang ing papan punika bilih sasampunipun Yokanan badhe wonten priyantun ingkang rawuh, panguwaosipun nglangkungi piyambakipun, nguculi tali sepatunipun kemawon piyambakipun mboten pantes. Langkung saking punika, manawi Yokanan mbaptis ngagem toya, priyantun punika badhe mbaptis ngagem Roh Suci. Yokanan saged ngraosaken lan mangertosi bilih Gusti Yesus saestu rawuh saking Swarga, pramila rumaos mboten pantes mbaptis Gusti Yesus. Ananging karana saking dawuhipun Gusti, Yokanan nunten mbaptis Gusti Yesus. Sasampunipun kabaptis lajeng wonten Roh Suci pindha manuk dara tumedak ing Panjenenganipun nunten wonten swara saking swarga: ”Sira iku Putra kang Suntresnani, kang dadi keparenging panggalihingSun.”
Kita punika dipun wastani putraning Allah awit pitados dhumateng Gusti Yesus. Lajeng kadospundi supados kita saged dados putra kinasihipun Gusti? Sauger kita purun mbudidaya lan saged gesang manut miturut sabda pangandikanipun Gusti mesthi kita dados putra kinasihipun. Pramila sumangga kita mbudidaya kanthi tulusing manah lan ngetokaken sedaya cipta, rasa, karsa kita, gesang laras kaliyan sabda pangandikanipun Gusti. Mesthi kita saged dados putra kinasih ingkang kaparingan kawilujengan lan berkah, satemah gesang kita tansah tentrem rahayu ing alam donya punika ngantos dumugi kratoning swarga. Amin. [SW].
“Usaha ora bakal mblenjani hasile”