Waosan: Dhaniel 2 : 1 –19 ǀ Pamuji: KPJ. 178a
Nats: “… supaya tumuli padha nyuwun sih piwelase Gusti Allahing saindenge langit ing bab kang winadi mau, satemah Dhaniel sakancane ora bakal kasirnakake bebarengan karo para wicaksana liyane ing Babil.” (Ayat 18)
Mboten sekeca raosipun manah menawi kita manggihaken prekawis ingkang awrat salebeting gesang kita. Sampun kathah prekawis ingkang kita galih, ananging tetep kemawon mboten wonten solusi utawi saestu kita dereng mangertos punapa ingkang badhe kita lampahi. Punapa malih sedaya ingkang kita gadhahi (rajabrana, pangkat, jabatan, panguaos, lsp) mboten wonten ginanipun tumrap prekawis ingkang dipun adepi. Peteng ing manah, kuwatos, ajrih, mangkel, bingung, frustasi, punika sedaya saged kita raosaken.
Kados mekaten ingkang dipun raosaken Prabu Nebukadnesar Ratu ing Babil. Penggalihipun mboten jenjem amargi gadahi pepinginan sumerap punapa artosipun impen ingkang dipun alami. Sedaya abdinipun: tukang ramal, ahli nujum, ahli sihir, lan para penasehat kraton kadhawuhan nerangakaken impenipun wau, ananging mboten wonten ingkang mangertos. Sedayanipun malah nampi paukuman saking Prabu Nebukadnesar. Dhaniel lan kanca-rencangipun ugi kalebet penasehat kraton ingkang saged nampi paukuman. Krana punika Dhaniel sesarengan Hananya, Misael, lan Azarya sami marek ing ngarsanipun Gusti Allah, dedonga nyenyuwun sih-piwelasipun Gusti Allah supados Gusti Allah kersa paring pangertosan bab impenipun Prabu Nebukadnesar, supados Dhaniel lan kanca-rencangipun punika saged luwar saking paukuman pati. Gusti Allah kersa maringi pangertosan dhumateng Dhaniel prekawis impenipun Prabu Nebukadnesar. Selajengipun Dhaniel lan kanca-rencangipun nampi kawilujengan lan tansah ngluhuraken Gusti Allah, karana piyambakipun saged nerangaken artosipun impen Prabu Nebukadneser punika.
Gusti Allah punika Sang Khalik ingkang nitahake kita, ingkang ngreksa, lan ngrimati kita. Sedaya punapa kemawon kahanan lan kabetahan kita tansah wonten ing panguwaosipun Gusti Allah. Mila punapa kemawon ingkang kita adepi, pacoban lan tantangan, saged kita lampahi kanthi tatag srana nyenyuwun hikmat, kekiyatan, lan panuntunipun Gusti Allah. Sampun ngantos kita punika gumunggung lan ngendelaken diri kita piyambak, amargi kita punika mboten sampurna lan kathah kekirangan anggenipun kita nglampahi gesang. Swawi kita tansah marek ing ngarsaning Gusti Allah lan tansah memuji ngluhuraken Asmanipun Gusti Allah. Amin. [RM].
“Aja sumelang bab uripmu, sumanggakno mring Pangeran.”