Pindah Lemah, Ning Salah Renungan Harian 7 Januari 2020

7 January 2020

Waosan  :  Efesus 3 : 14 – 21    |   Pamuji : KPJ. 189
Nats:
“…temahan marga saka pracayamu, sang Kristus dedalem ana ing atimu sarta kowe padha nyoyoda lan atetalesa ana ing katresnan” (Ay. 17)

Prayoginipun, menawi Panjenengan nandur tanduran wonten ing tegal, tanduran punika mboten dipunpindah-pindah. Dados, tanduran punika mboten gantos media sarta panggenan. Ananging, kados pundi cariosipun menawi panjenengan nandur ing jam 10 enjing dipun tandur wonten ing tegal ngajeng griya, lajeng ing jam 12 siang tanduran punika lajeng dipun pindah dhateng wingking griya. Ing wanci sonten, amargi mboten remen ing manah, panjenengan lajeng gantos tanduran punika kapindah ing panggenan sanesipun. Lha, menawi tanduran punika terus dipunpindah, tamtunipun boten saged tuwuh kanthi sae malahan saged dados alangan anggenipun tuwuh. Punika ateges bilih tanduran kalawau mboten sae menawi anggenipun nandur dipun pindah-pindah panggenanipun.

Kahanan ingkang sami menawi kita sami pirembagan bab iman kapitadosan ing Gusti. Punika ateges, menawi kita sampun wonten ing Gusti Yesus, mboten prayogi bilih kita pindah-pindah menawi kita ngersakaken tuwuh. Kathah tiyang ingkang remen perkawis-perkawising gesang ingkang mawarni-warni. Sampun tepang sarta pitados Gusti, ananging menawi pinanggih perkawis ingkang endah wonten ing gesang, Gustinipun lajeng dipun tilar. Kapan kita saged tuwuh menawi kita asring pindah-pindah iman?

Menawi kita tansah setya wonten Gusti, kita bakal sangsaya ngoyod kados punapa ingkang kaserat ing waosan kita dinten punika. Lan saratipun tanduran saged tuwuh punika, boten wonten lintu kejawi ngoyod ing lemah ingkang dados pirantining tanduran punika. Kita ugi saged ngoyod, lajeng tuwuh miwah saged ngedalaken woh kasaenan, katresnan salebeting gesang karana kita tansah setya ing Gusti Yesus Kristus. Mangga kita sapunika gesang kanthi netepi kasetyan dateng Gusti ingkang sampun paring berkah dhumateng gesang kita, temah kita inggih saged dados lantaraning katresnan dateng sesami. Amin. (ardien).

“Tuwuhipun gesang adhedasar ing tuwuhing setya”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak