Waosan: Para Hakim 5: 1 –11 ǀ Pamuji: KPJ. 161
Nats: “Dhuh para ratu, mugi sami miyarsakna! Dhuh para pangageng, mugi sami nilingna! Manawi kawula, kawula badhe ngidung konjuk ing ngarsanipun Sang Yehuwah, lan ngidungaken masmur kagem Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel.” (Ayat 3).
Maneka warni caranipun manungsa punika nglairaken saos sokuripun dhumateng Gusti Allah. Wonten ingkang andum berkah dhumateng tiyang sanes sarana raja brana ingkang dipun gadahi, wonten ingkang tansah cariyos dhumateng tiyang sanes, kados pundi Gusti Allah tansah mberkahi gesangipun, lan wonten ingkang makarya kanthi sengkut lumantar talenta/ bakatipun supados migunani dhumateng sesami. Pitakenan kangge kita sami, punapa kita nate saos syukur dhumateng Gusti lan kados pundi anggenipun kita mawujudaken saos sokur punika?
“Kawula badhe ngidung konjuk ing ngarsanipun Sang Yehuwah, lan ngidungaken masmur kagem Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel” (Ay. 3). Punika pamuji sokuripun Debora dhumeteng Gusti. Lumantar pamuji sokur punika ngemu pangertosan:
- Anggenipun dados hakim lan pemimpin bangsa Israel, Debora saged paring tulada ingkang sae. Debora gadhahi kapitadosan ingkang kiyat dhumateng Gusti Allah. Karana punika gesangipun Debora tansah kebak saos syukur.
- Pamuji punika ngemutaken bangsa Israel prekawis panguaosipun Gusti Allah dhumateng bangsa Israel. Gusti Allah paring kawilujengan, bangsa Israel luwaran saking bebaya, menang ing peperangan. Gusti Allah tansah nresnani lan makarya ing satengahing pigesangan bangsa Israel. Karana punika bangsa Israel kedah gadhahi respon ingkang sae, inggih punika mbangun miturut punapa ingkang dados karsanipun Gusti Allah lan namung gadhahi pangandel dhumateng Gusti Allah kemawon.
Punapa kemawon kahanan gesang ingkang kita lampahi, punapa punika kasaenan, kasangsaran, ing satengahing kabingahan lan pacoban, sampun ngantos kita kesupen saos syukur dhumatheng Gusti Allah. Saben wekdal ingkang kita lampahi, mangga kita tansah memuji Gusti. Pepujian punika minangka sarana saos sokur kita dhumateng Gusti ingkang saged dados sarana kekiyatan kita ing ngadepi pacoben. Tansah memuji Gusti Allah saged ndadosaken kita nggadahi semangat nglampahi gesang langkung positif. Pepujian kanthi tulusing manah dados kabingahan kagem Gusti Allah. Amin. [RM].
“Saos sokur minangka pratanda tiyang pitados dhumateng Gusti Allah.”