Sudoku Pancaran Air Hidup 7 Desember 2023

7 December 2023

Waosan: 1 Tesalonika 1 : 2 – 10 │ Pamuji: KPJ. 123
Nats: ‘’Sabab aku tansah padha eling marang pagaweaning pracayamu, pambudi-dayaning katresnanmu sarta kaantepaning pangarep-arepmu marang Gusti kita Yesus Kristus ana ing ngarsane Gusti Allah lan Rama kita.’’ (Ayat 3)

Wonten satunggal dolanan ingkang naminipun Sudoku. Punika kados TTS (Teka-Teki Silang) ananging migunakaken angka-angka ingkang prelu dipun tata adedasar aturan-aturan tartamtu. Dolanan punika wiwitanipun saking Jepang lajeng sumrambah dhateng saindenging donya. Sudoku punika biasanipun dipun engge tiyang mbucal wekdal nalika piyambakipun saweg antri utawi nalika nitih kendaraan umum kados bis lan kreta. Kasunyatanipun kathah tiyang ingkang remen kaliyan dolanan Sudoku punika, jalaranipun saged kangge nglatih kreatifitas utek. Prinsipipun tinimbang nganggur langkung prayogi wonten aktivitas kangge ngisi wekdal.

Kados pundi kaliyan gesangipun tiyang Kristen ingkang ngrantos rawuhipun Gusti Yesus Kristus? Punika pitakenan ingkang tansah wonten ing sauruting jaman nalika sadaya tiyang pitados nganti-anti rawuhipun Sang Juru Wilujeng. Pitakenan ingkang sami ingkang karaosaken dening pasamuwan Tesalonika nalika nampi serat saking Rasul Paulus. Rasul Paulus rumaos bingah awit sadaya usahaning pasamuwan Tesalonika ing satengah-tengahing njagi iman kapitadosan boten nglaha, sadaya sampun dipun lampahi kanthi katamtuan ing sakatogipun (Ay. 5). Inggih punika: nglampahi gesang adhedasar angger-anggering Gusti Allah, mbudidaya katresnan lan pangajeng-ajeng ingkang kiyat lan mantep. (Ay. 3). Kanthi maketen gesangipun pasamuwan Tesalonika boten ketawis nglaha lan kosong ananging wonten artosipun, inggih punika gesang kangge sesami lan kamulyanipun Gusti.

Mangsa Adven ngemu teges wekdal kangge ngrantos lan mapag rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih. Ing mangsa Adven punika sampun ngantos gesang kita punika nglaha, kosong, lan tanpa guna. Kados dene dolanan Sudoku ingkang saged kangge nglatih kreatifitas, mekaten ugi tumraping gesang kita ingkang prelu dipun isi kanthi tumindak gesang ingkang sae lan migunani dhateng sesami. Sadaya tumindak sae punika minangka wujuding raos sokur kita tumrap berkah kawilujengan saking Gusti. Sumangga kita ingkang sampun dipun berkahi Gusti, kita ugi purun dados talanging berkah kangge sesami. Amin. [ads].

Dilakoni kanthi tekun mesti bakale tekan.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak