Waosan: Ibrani 10 : 19 – 25 | Pamuji: KPJ. 7 : 1
Nats: Kita aja ngedohi pakumpulan-pakumpulan pangibadah kita, kaya pakulinane sawenehing wong, …” (Ayat 25)
Kacariosaken wonten satunggaling pemuda ingkang ngrantau pados pandamelan wonten Luar Pulau. Sejatosipun wonten ing papan asalipun, pemuda punika aktif ing peladosan lan setya ngabekti saben minggu lan pangibadah-pangibadah sanesipun. Nalika wonten ing papan panggenan enggal, piyambakipun rumaos piyambakan, punapa malih papan anggenipun nyambut damel punik tebih saking lingkungan Kristen utawi greja. Mila pemuda punika nggadah pemanggih bilih piyambakipun tebih saking pakempalanipun tiyang pitados punika ndadosaken gesangipun sepa/hambar.
Waosan kita dinten punika nedahaken dados pandherekipun Gusti Yesus punika kedah temen saha ngrimati patunggilanipun tiyang pitados. Pangabekti punika wujuding pepanggihanipun para umat kaliyan Gusti Allah, ing pundi para tiyang pitados sami manembah dhateng Gusti lan atur pangaken bilih namung namung Gusti Allah kemawon ingkang kamulyakaken. Kita enget nalika wonten Covid-19, sawetara wekdal kita mboten saged pepanggihan sacara langsung wonten ing greja, punika saestu ndadosaken kita kangen ngabekti dhumateng Gusti ing greja. Mila nalika kita sampun saged mangun pangabekti sacara langsung, sumangga kita mangun pangabekti kanthi setya, karana punika saestu ngremenaken.
Panggodha ageng wonten gesangipun manungsa, inggih punika nalika kita dipun adepaken kaliyan kabetahan materi gesang sadinten-dinten. Lajeng kangge nggayuh punapa ingkang dados kabetahan kita punika, lajeng asring kita nglirwakaken pangabekti dhumateng Gusti. Malah wonten ing ngucap, “Kebaktiane di rapel minggu ngarep wae.” Wonten ugi ingkang sengaja nebih saking pakempalan tiyang pitados karana manahipun ketaton wicantenipun tiyang sanes. Sejatosipun nalika kita sowan ing ngarsanipun Gusti, kita kedah nggadhahi manah ingkang resik, tulus eklas lan mboten munafik (Ay. 22). Mangga kita sadar lumantar Rahipun Gusti Yesus, kita saged ngraosaken kanugrahan ing donya lan kamulyan swarga. Sumangga ing mangsa pra paskah punika, kita tansah mangun pangabekti dhumateng Gusti kanthi setya. Pangabekti dhumateng Gusti punika saestu wigati, sampun ngantos kita tebih saking Gusti Yesus. Amin. [dea].
“Saiba endah lan nentremaken saged mangibadah sesarengan.”