Tiyang Limrah Kang Kapatah Renungan Harian 7 April 2020

7 April 2020

Waosan : 1 Korintus 1 : 18 – 31    |   Pamuji  : KPJ. 307 : 1, 5
Nats
: “Padha ngelingana bae para sedulur, kepriye kaananmu nalika kowe padha katimbalan, miturut ukuraning manungsa, ora akeh kang kalebu wong wasis, ora akeh wong kang kalebu gedhe wibawane, ora akeh kang kalebu bangsa luhur.” (Ay. 26)

Sinten ingkang dereng tepang Dea Valencia. Piyambakipun dados pengusaha enem ingkang ngrintis bisnis batik. Kenya Ayu punika pisuwur karana batik kultur. Inggih batik tulis ingkang design gambaripun dipunrancang piyambak. Ing satengah usahanipun kala wau, mbak Dea ugi nggadhahi misi ingkang luhur. Saking 120 karyawanipun, wonten kirang langkung 50 karyawan punika penyandhang disabilitas. Kawontenan ingkang winates tumraping kathah tiyang, dipuntingali minangka pribadi-pribadi ingkang kathah kaluwihan. Mbak Dea kepingin para difable punika ugi kagungan kesempatan ingkang sami kaliyan sanesipun.

Sadangunipun Gusti Yesus makarya, Gusti Yesus mboten kathah nimbali tiyang ingkang berpengaruh, nggadhahi kuwaos, sugih bandha donya. Kamangka sacara etang-etangan manungsa, nyelak, ngrangkul tiyang-tiyang ingkang berpengaruh badhe nglancaraken misi, mulusaken margi. Ananging Gusti Yesus malah nimbali tiyang limrah. Kados dene Gusti Yesus nimbali para sekabat saha tiyang dosa lan papa. Mboten kathah ingkang kagolong tiyang wasis, tiyang wibawa, tiyang saking bangsa luhur. Ananging punapa ingkang dipuntingali bodho dening donya kapiji dening Gusti Allah kangge ngasoraken tiyang ingkang kumalungkung. Tiyang ingkang kaanggep ringkih kaagem dening Gusti kangge ngasoraken tiyang ingkang rumaos rosa.

Punapa lajeng ateges Gusti Allah mboten nyondhongaken manah dhumateng tiyang ingkang kanugrahan bandha donya, kalenggahan, tiyang ingkang wasis, tiyang wibawa saha tiyang pinter? Tamtu kemawon Gusti tresnani saha kepareng ngagem sok sintena kemawon. Ananging Gusti Allah condhong dhateng tetiyang kanthi kahanan saha kalenggahan punapa kemawon, ingkang tetep rumaos manungsa limrah saha tansah mbetahaken pangluwaran saking Gusti Allah. (PKS)

“Gusti, kawula punika namung manungsa limrah”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak