Waosan: Pangandharing Toret 8 : 1 – 10 | Pamuji: KPJ. 96
“Kowe bakal mangan nganti wareg, lan kowe banjur bakal padha ngluhurake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marga saka nagara kang becik kang diparingake marang kowe iku.” (Ayat 10).
Kabetahanipun saben tiyang punika benten-benten, karana punika saben tiyang nggadhahi upaya kangge nyekapi kabetahan gesangipun punika. Kita pitados bilih sadaya berkah kacekapan ingkang kita tampi punika pinangkanipun saking Gusti Allah. Kita ugi pitados menawi kita saged gesang ngantos wekdal samangke punika awit karana sih kamirahan lan pangrimatanipun Gusti Allah. Nanging kadang kala wonten kemawon tiyang ingkang nggadhahi pemanggih bilih kabetahan gesangipun punika awrat dipun cekapi sanajan piyambakipun sampun rekasa anggenipun nyambut damel. Ing kahanan ingkang kados mekaten, kita kedah pitados bilih Gusti Allah boten badhe nilar kita, awit kita pitados Gusti Allah sampun mranata berkah-Ipun kangge kita.
Nalika bangsa Israel lumebet dhateng tlatah prajanjian, Kanaan, bangsa Israel dipun engetaken malih kaliyan nabi Musa, supados tansah setya lan gumantung dhumateng Gusti Allah. Musa ngengetaken punika boten namung supados bangsa Israel saged gesang kanthi sae lan tansah kacekapan sadayanipun, nanging supados bangsa Israel punika gesang manut pranatanipun Gusti Allah. Lampahing bangsa Israel ing ara-ara samun sadangunipun 40 taun, saged dados piwucal kangge bangsa Israel kangge netepi kasetyanipun dhumateng Gusti Allah. Gusti Allah ngersakaken supados Bangsa Israel mangertos sadaya kawontenan ingkang dipun tampi punika awit saking sih kamirahan lan katresnanipun Gusti Allah kemawon. Pramila bangsa Israel kedah manut lan setya namung dhumateng Gusti Allah kemawon.
Nalika Bangsa Israel setya nglampahi sadaya pranatanipun Gusti, sadaya berkah kacekapan lan kasaenan tansah wonten ing gesangipun. Nalika bangsa Israel tumindak dosa lan nebih saking Gusti Allah, bangsa Israel nampi paukuman lan gesang ing kasangsaran. Lumantar carios ing waosan dinten punika, mangga kita tansah setya dhumateng Gusti Allah. Kita tansah pitados bilih Gusti Allah tansah nyecekapi lan mberkahi kita angger lampah kita miturut dhateng karsa-Nipun. Mekaten ugi kita pitados Gusti tansah ngrimati kita, saengga kita saged ngraosaken pangrimatanipun Gusti dhateng kita tansah nyata. Amin. [GRA].
“Kacekapan kabetahan kita namung wonten ing Gusti Allah ingkang akarya jagad.”