Waosan : I Yoh. 5 : 1-6 I Pamuji: KPK 153 : 1,2
Nats: “Sapa ta kang ngalahake jagat, kajaba wong kang pracaya menawa Yesus iku putrane Allah ?”
Punapa bapak, ibu lan para sadherek nate ngrawuhi salah satunggaling acara ing pundi ageman ingkang dipunagem boten selaras kaliyan “dress code” ingkang sakmestinipun. Kados pundi raosipun? Mesthinipun lingsem, punapa malih nalika kepingin wangsul lan ganti busana, griyanipun tebih. Tampil beda pancen sanes perkawis ingkang sekeca. Menawi kita sami kaliyan sanesipun tamtu raosipun langkung gampil, boten ewuh pakewuh, awit boten badhe narik kawigatosan.
Yohanes kepingin paring piwucal lan pangenget dhateng pasamuwan wiwitan bab manunggaling umat minangka pewaris Kratoning Allah wonten ing salebeting Kristus Yesus. Nanging ing pasamuwan tuwuh kelompok anti Kristus ingkang gadhah pemanggih bilih Gusti Yesus sanes Allah. Mila piwucal leres wigati kaaturaken supados pandherekipun Gusti jejeg wonten ing pamanggih sanadyan benten kaliyan kiwa tengenipun. Benten menika boten ateges pokoke beda, seje utawi nyeleneh. Benten kaliyan jagat ngemu artos dados gambaripun Allah ingkang kebak katresnan. Peperangan nglawan jagat katindaken kanthi martosaken bab Yesus Kristus minangka Allah ingkang sampun ngasoraken diri lan seda amargi katresnanipun dhateng manungsa.
Wonten ing timbalan martosaken katresnanipun Gusti dhateng sesami, YBPK lair saking guwa garbanipun GKJW. Nanging ngengeti bilih gereja lair lan tuwuh ing satengahing ewah-ewahing jaman, Gereja kedhah cumawis bertransformasi (ewah) supados tansah dados berkah. Contonipun, YBPK Semampir, Kediri. Sekolah menika benten kaliyan sekolah-sekolah sanesipun amargi ngagem model sekolah inklusi kanthi nampi murid-murid disable (tuna daksa, tuna rungu, lsp) dados satunggal kelas kaliyan siswa ingkang sanes. Sekolah punika nuwuhaken kesadaran enggal bab gesang tanpa diskriminasi. Sedaya tiyang nggadhai hak katampi kanthi katresnan. Sumangga saos syukur dhateng Allah, awit YBPK wonten ing pundi kemawon sampun kaagem dados mitranipun Allah makarya wonten ing satengahing bumi kanthi cara ingkang beda nanging kebak berkah kangem sesami. (nicky)
“Menawi margi kita benten, boten ateges badhe kesasar. Tansaha dados berkah.”