Waosan: Pangandharing Toret 7 : 12 – 26 | Pamuji: KPJ. 202
Nats: “Sarta bakal kelakon, sarehne kowe padha nilingake lan nglakoni pranatan-pranatan iku kalawan temen-temen, …” (Ayat 12)
Menawi wonten tiyang ingkang maringi kalih pilihan, inggih punika berkat punapa laknat, pundhi ingkang panjenengan pilih? Kula kinten umumipun tiyang badhe milih berkat. Berkat dados pengajeng-ajeng sedaya tiyang, awit punika mbingahaken. Nanging mboten sedaya tiyang enget kados pundi supados berkat punika tansah kawujud ing pigesanganipun. Berkat saged katampi menawi ing pigesanganipun tansah mujudaken kasetyan dhumateng Gusti Allah, kanthi nglampahi pranatanipun Allah, inggih punika angger-angger-Ipun. Mila kanggenipun para tiyang pitados nglampahi pranatanipun Gusti Allah punika dados wujuding katresnanipun dhumeteng Gusti. Awit srana nglampahi pranatanipun Gusti punika, kita kaparingan pepadhang lan panuntun salebeting gesang kita ing donya punika.
Mangga kita sami sinau saking lampah gesangipun bangsa Israel. Gusti Allah janji bilih Panjenenganipun badhe nresnani, mberkahi, lan ndadosaken bangsa Israel tangkar tumangkar. Panjenenganipun badhe mberkahi bangsa Israel arupi woh pametuning bumi, gandum, anggur, lenga, lembu lan menda wonten ing tanah ingkang dipun prasetyakaken. Punika badhe dipun paringaken dhateng bangsa Israel ingkang setya tuhu miturut angger-anggeripun Gusti. Mboten namung punika kemawon, Gusti Allah ugi badhe ngawonaken sedaya mengsahipun bangsa Israel. Pramila bangsa Israel kedah mujudaken kasetyanipun dhumateng Gusti Allah kanthi nglampahi pranatanipun Allah, inggih punika angger-angger-Ipun.
Dhawuhipun Gusti ing dinten punika ngengetaken kita sedaya minangka umat kagungan-Ipun, kados pundhi berkahipun Gusti salebeting gesang kita. Berkahipun katumrahakaken menawi kasetyan kita dhumateng Gusti Allah tansah mawujud. Mangga kita lampahi pranatanipun Gusti Allah, inggih punika angger-angger-Ipun. Kita sami mbudidaya gesang ingkang sae. Godhanipun donya sampun ngantos ndadosaken kita supe nglampahi pranatanipun Gusti Allah. Swawi kita ngenget-enget sih rahmat lan sih katresnanipun Gusti Allah dhateng kita, awit punika ingkang dadosaken kita tansah rumaket lan celak dhumateng Gusti ingkang dados sumbering gesang kita. Amin. [SWT].
“Rahayu wong kang utama lakune ngambah dalaning prentahe Pangeran.”