Ngugemi Pancaran Air Hidup 5 September 2023

Waosan: Wahyu 3 : 7 – 13| Pamuji: KPJ. 192
Nats: “Aku bakal enggal rawuh. Apa sing wis kokduweni kuwi ugemana temanan, supaya aja ana wong sing ngrebut ganjaraning kemenanganmu. Sing sapa netepi piwulang-Ku bakal Dakdadekake saka-guruning Pedaleman Sucine Rama-Ku, …” (Ayat 11-12a)

Ing salah satunggaling dusun wonten lare nem-neman ingkang ndugal sanget. Para nem-neman punika sampun asring dipun engetaken ananging tetap kemawon tumindak ndugal. Wekdal dipun engetaken, nem-neman punika mesthi jawab: ”Aku ki isih enom, cah enom kuwi biasa ndugal.” Pandamel ndugal punika boten saged  dipun biasakaken, awit manawi sampun biasa ndugal mesthi ewet mantunipun lan saged nyilakani dhirinipun piyambak.

Ing waosan kita kadawuhaken, “Samangsa Panjenengane ngengakake, ora ana kang bisa nutup, samangsa Panjenegane nutup ora ana kang bisa ngengakake.” Artosipun Gusti kagungan wasesa dhumateng sadaya bab. Punapa ingkang sampun katetepaken Gusti boten wonten ingkang saged ngrubah, boten wonten satunggal kemawon kuwaos ingkang saged ngguguraken. Panjenenganipun ngawuningani sadaya tingkah polah kita, ingkang sae samanten ugi ingkang awon. Sauger kita tansah ngugemi iman kapitadosan kita, korining kraton swarga kabikak kangge kita. Gusti Allah dawuh ing ayat 11: ”Aku bakal enggal rawuh. Apa sing wis kokduweni kuwi ugemana temenan, ….” Punapa ta tegesipun tembung ngugemi punika? Tegesipun:  tumerep ing manah, setya ing janji, boten nilaraken punapa ingkang sampun katetepaken ing manah.  Iman kapitadosan punika boten tuwuh mekaten kemawon. Sadaya mbetahaken proses ingkang panjang lan marginipun boten gampil. Dipun betahaken kasabaran, katlatenan, lan pambudidaya. Iman kapitadosan kita saged kita ugemi sauger kita mangertosi kanthi saestu lan yakin dhumateng Gusti Allah. Karana punika kita kedah nyelak lan wanuh dhumateng Gusti Allah lumantar dawuh Sabda Pangandika lan Pakaryan-Ipun.

Menawi makaten punapa ingkang kedah kita lampahi? Wiwit samangke kita kedah mbiasakaken nyelak dhumateng Gusti, ndedonga kanthi ajeg, nyawisaken wekdal kangge maos sabda pangandikanipun Gusti, boten ketang setunggal ayat saben dinten, purun nggegilut lan ngraos-raosaken sabda pangandikan-Ipun ing gesang padintenen, lan tansah njagi sesrawungan ingkang sae dhateng sesamining gesang. Sumangga kita nggladi dhiri lan ngugemi iman kapitadosan kita. Amin. [SW].

“… Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati, temah bakal Sunganjar makuthaning kauripan.” (Why 2:10b)

 

Bagikan Entri Ini: