Kaleng Khong Guan Pancaran Air Hidup 5 September 2022

Waosan: 2 Para Raja 17 : 24 – 41 | Pamuji: KPJ. 124
Nats:
“Sira aja padha lali marang prajanjian kang wus Ingsung anakake kalawan sira kabeh sarta sira aja padha ngabekti marang allah liyane, …” (Ayat 38) 

Ing sawijining dinten, Damar lan Agung wangsul saking griyanipun Pak Baba, lajeng wonten wicantenan ingkang mekaten:

Damar                  : “Gung kowe mau ngincipi jajan sing disuguhne nang meja?”
Agung                   : “Iyo Mar, aku ngincipi nastar sing nang toples ijo. Wenak tenan!”
Damar                  : “Aku mau yo meh ngincipi jajan. Ning ora sido”.
Agung                   : “Lha lapo?”
Damar                  : “Mau nang mejo lak ono kaleng Khong Guan se? Karepku meh ngincipi wafer’e”.
Agung                   : “Lha terus?”
Damar                  : “Mbareng tak bukak, lha kok jebul isine krupuk”.
Agung                   : “Hahaha, yo iku pelajaran! gak kabeh kemasan podo karo isine!”

Kinten-kinten sinten ingkang nate nggadahi pengalaman kadosdene Damar? Manggihi kemasan ingkang mboten sami kaliyan isinipun? Waosan kita ing dinten punika ugi paring cariyos bab kemasan ingkang mboten sami kaliyan isinipun. Para tiyang ingkang manggen ing kitha-kitha Samaria ngabekti ing ngarsanipun Pangeran Yehuwah namung ing tataran “kemasan” kemawon, amargi sejatinipun para tiyang punika taksih nglampahi tradisi kapitadosan ingkang lami lumantar maneka-werna ritual ingkang setya dipun lampahi. Tiyang Samaria punika ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah, nanging ugi nyembah marang reca-recanipun. Tiyang Samaria punika mastani piyambakipun minangka panderekipun Gusti Allah, nanging mboten purun nglampahi punapa ingkang dipun karsakaken dening Gusti.

Praktek keimanan ingkang dipun lampahi dening tiyang Samaria punika memper kados dene pengalamanipun Damar ing nginggil. Kemasan kaliyan isinipun mboten sami, njawi lan lebetipun mboten serasi. Bilih manungsa punika mastani dhirinipun panderekipun Gusti, tamtu manungsa punika badhe ngupadi kagem nglampahi pigesangan miturut dhawuh lan karsanipun Gusti. Bilih manungsa punika ngabekti dhumateng Gusti Allah, tamtu piyambakipun mboten badhe mangro tingal sanajan ta ing donya punika manggihi maneka werna pacoben. Mugi, kita sedaya minangka tiyang pitados tansah katebihaken saking sikap manah kados dene sikap manahipun tiyang Samaria. Mugi kita tansah kaparingan kasagedan kagem nglampahi karsanipun Gusti satemah iman kapitadosan kita sacara kemasan ugi isi tansah sami. Amin. [xie].

“Sengkut ngunduh wohing pakarti”

 

Bagikan Entri Ini: