Gusti Yesus Sumber Kasarasan Pancaran Air Hidup 5 September 2021

5 September 2021

Waosan: Markus 7 : 24 – 37 | Pujian: KPJ. 334
Nats:
Panjenengane iku ndadekake becik samubarang kabeh, sing budeg bisa krungu, sing bisu bisa caturan.” (Ayat 37).

Sinten kemawon nate ngraosaken sakit, mboten wonten setunggal kemawon tiyang ingkang kalis saking sesakit. Mawarni-warni jenis penyakit ugi bobot penyakit kalawau, wonten ingkang entheng, wonten ingkang awrat. Sawetawis tiyang kepingin sakitipun enggal saras, sakwicantenipun tiyang dipun turuti, dipun kengken ngunjuk ramuan nika, ramuan niki dipun unjuk. Wonten malih ingkang ngudi kasarasan kanthi dugeni “tiyang pinter” mrika mriki, padhepokan mrika mriki, punapa ingkang kedadosan? Malah mboten saras, malah ruwet.

Saking Markus 7:24-30, kita saged ningali kados pundi prihatosipun pawestri kalawau awit putra ingkang dipun tresnani kapanjingan dhemit. Adreng kepingin saras, piyambakipun sowan wonten ngarsanipun Gusti Yesus kanthi kebak pengajeng-ajeng lan iman ingkang santosa. Senaosa wonten pepalang, saking dhawuhipun Gusti Yesus, pawestri kalawau mboten mundur. Patrap iman ingkang mekaten punika dipun tanggapi dening Gusti Yesus kanthi ngedhap-edhapi. Gusti Yesus dhawuh, “Marga saka tembungmu kang mangkono iku, wis mundura, dhemite wis metu saka anakmu.” Sawetawis ing Markus 7:31-37, wonten tiyang ingkang nyowanaken anggota brayatipun ingkang nandhang budeg lan bisu. Brayat kalawau nyuwun kasarasan kalambaran iman ingkang kiyat, lan saking imanipun, tiyang budeg lan bisu punika saged saras, saged wicanten, lan mirengaken.

Wonten piwucal ingkang endah saking waosan kalawau:

  1. Tiyang sakit ing waosan kalawau saged saras awit saking iman kapitadosanipun dhumateng Gusti Yesus. Mila sumangga menawi kita nandhang sakit utawi brayat kita sakit, kita sowan wonten ngarsanipun Gusti Yesus ingkang dados sumbering kasarasan, kalambaran kanthi iman ingkang santosa.
  2. Sumangga kita ngginakaken akal sehat lan kawicaksanan peparingipun Gusti. Menawi nandhang sakit mboten ngudi dhateng paranormal, ananging dhateng paramedis.
  3. Sumangga kita tansah saos sukur wonten ngarsanipun Gusti, tansah bingah senaosa nandhang sakit, “Ati kang bingar iku minangka obat kang manjur, nanging ilanging semangat iku ngroposake balung.” (WB 17:22) (Djian).

 “Sukarena, saos sukur, batos ingkang bingah sarana nyarasaken sesakit.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak