Kakiyatan Ing Patunggilan Pancaran Air Hidup 5 Oktober 2026

5 October 2026

Waosan: Yeheskiel 19 : 10 – 14  |  Pamuji: KPJ. 413
Nats: “Ibunira iku kaya wit anggur ana ing pakebonan anggur kang katandur ing sacedhaking banyu, banjur awoh lan ngepang amarga saka akehe banyune.” (Ayat 10)

Saking waosan kita Yehezkiel 19, kita mirsani satunggiling pangadhuh bangsa Israel ingkang dipun gambaraken kados wit anggur. Wit punika wiwitanipun subur, kiyat, saha katandur ing sacedhaking toya. Nanging kita mangertos saking ayat 10-14 bilih wit anggur punika risak lan gesangipun kabedhol saking papan ingkang kathah toyanipun. Salajengipun wit punika katandur ing ara-ara samun. Bilih kita nggatosaken punapa ingkang dados jalaran wit anggur punika risak, kita mangertos bilih punika awit gumunggunging dhiri. Nalika wonten pang ingkang sae lan kiyat, pang punika gumunggung lan thukul langkung inggil tinimbang sanesipun. Prekawis punika ingkang ndadosaken wit anggur kalawau lajeng dipun bedhol lan dipun bucal.

Ing satengahing gesang sesarengan, ing wulan ekumene punika, kita dipun ajak gesang kanthi rukun antawis satunggal lan sanesipun. Pramila sipat-sipat gumunggung lan nganggep dhiri langkung sae kados wit anggur kalawau kedhah dipun tebihaken saking gesang lan pikiran kita. Kita kedah nyadari bilih gesang sesarengan punika asalipun saking satunggal sumber pigesangan ingkang sami, inggih punika Gusti Allah. Nalika pikiran-pikiran ingkang nganggep dhiri kita langkung sae tinimbang tiyang sanes punika, sampun ngantos ngrasuk gesang kita. Gusti Allah ingkang dados sumbering gesang mboten saged kita raosaken bilih kita taksih gumunggung.

Sikep gumunggung ingkang ndadosaken wit anggur punika risak lan kabedhol saking sumber toya punika dados pepenget kangge kita sami. Kita ingkang nglampahi gesang ing satengahing mawarni-warni kahanan kedhah mbangun gesang ingkang tansah ngiyataken, rukun, lan dados berkah. Pramila sumangga kita nglampahi pigesangan kita kanthi pamanggih ekumene bilih sumbering gesang kita namung satunggal, inggih punika Gusti Allah, sumbering toya gesang ingkang sejati. Mangga pamanggih punika kita wujudaken ing satengahing gesang kita sesarengan, satemah gesang kita lan sesami kita saged nuwuhaken berkah kangge sanesipun. Amin. [RES].

“Laku andhap-asor kagem mbangun gesang ekumene.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak