Beda iku Kodrate Manungsa Pancaran Air Hidup 5 Oktober 2022

5 October 2022

Waosan: Habakuk 2 : 12 – 20 | Pamuji: KPJ 368
Nats:
“Amarga bumi bakal kawratanan kawruh bab kamulyaning Yehuwah, kayadene sagara anggone kasasaban ing banyu.” (Ayat 14)

Beda guru aja nesu
Beda bapa ora papa
Sing penting tunggal tinemu
Beda iku kodrate manungsa
Awake dewe kabeh sedulur
Nyawiji siji sing guyub lan rukun
Tansah ngajeni lan ngopeni
Gugur gunung hanjaga pakerti

Punika syair ingkang endah sanget saking tetembanganipun Jogja Hip Hop Foundation ingkang kaparingan irah-irahan “Sedulur”. Beda iku kodrate manungsa, nanging sampun ngantos dados jalaran rubeda ing satengahing gesang sesarengan.

Waosan kita ing dinten punika paring cariyos bab swantenipun Nabi Habakuk ingkang paring piweling bab kacilakan kangge para bangsa ingkang nglampahi perang. Kacilakan punika badhe katampi dening para bangsa punika amargi tumindak mboten adil, remen nindakaken panganiaya, sarta nyembah maneka werna reca. Sadaya tumindak punika kalampahan dening para bangsa ingkang dereng tepang kaliyan Pangeran Yehuwah. Kosokwangsulipun, manungsa ingkang sampun nyumerepi bab kamulyaning Yehuwah, kaparingan kawruh bab katresnan satemah nyiriki tumindak ala punika.

Lumantar waosan punika kita sami dipun emutaken, bilih kita punika pribadi ingkang sampun tepang kaliyan kamulyanipun Sang Yehuwah sarta nampi kawruh bab katresnan. Sanajan pigesangan punika mawarni-warni, kathah prabedan ing pemanggih, pilihan, ugi kapitadosan, nanging sampun ngantos prabedan punika nggodha kita kangge nglampahi tumindak ingkang mboten adil, panganiaya, lsp. Nanging, mugi ing maneka werna prabedan punika kita tansah mawas diri. Kita emut bilih kita punika sampun nampi kawruh saking Sang Yehuwah, satemah lelampahan pigesangan kita punika namung cunduk kaliyan karsanipun Sang Yehuwah.

Beda iku kodrate manungsa, nanging nindakaken punapa ingkang sae punika pilihan. Kita ingkang sampun tepang kaliyan Sang Yehuwah, sumangga kita sami nggadahi pilihan ingkang wicaksana. Ing satengahing gesang sesarengan, ing maneka werna prabedan, sumangga kita tansah mendharaken katresnan. Gusti tansah paring kasagedan. Amin. [xie].

 “Aja dha udur, ning asih dha ditandur”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak