Tansah Ngugemi Paugeran Renungan Harian 5 Oktober 2020

5 October 2020

Waosan : Pangandharing Toret 5 : 1 – 21   |   Pamuji : KPJ. 340
Nats:
“He wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakgelarake marang kowe ing dina iki, supaya padha kokpindeng lan koklakoni kalawan setya.” (Ay. 1)

Wonten pemanggih bilih tembung manungsa punika nggadahi pangertosan ”menus-menus lan ngoso-oso”. Ateges bilih manungsa ing gesangipun punika boten nate rumaos cekap. Punapa kemawon ingkang sampun dipun tampi tansah dipun raosaken kirang. Gesangipun tansah ngongso-oso/ngoyo anggenipun mbudi daya punapa ingkang dipun pikajengaken. Malahan ugi ingkang mblasar tumindakipun anggenipun nggayuh punapa ingkang dipun kajengaken. Supados boten mlasar, milanipun kedah wonten paugeran/pranatan/hukum kangge mranata gesangipun manungsa.

Kanthi kebaking katresnan Gusti Allah tansah nuntun umatipun Israel. Lumantar Musa, Gusti Allah ngemutaken bangsa Israel supados boten tumindak ingkang awon. Bangsa Israel kedah enget bilih Gusti Allah sampun prajanji, Gusti Allah tansah ngirit lampahipun bangsa Israel sarta paring kawilujengan. Karana punika bangsa Israel kedah nindakaken karsanipun Gusti Allah, ngener ing sedaya pranataning Gusti Allah. Pepakon punika boten namung dados paugeran supados bangsa Israel uwal saking tumindak awon utawi dosa. Paugeran punika ugi dados jatidiri bangsa Israel ingkang dados umat kagunganipun Gusti. Karana punika Musa ngemutaken  bangsa Israel supados nglampahi kanthi setya sedaya pranatanipun Gusti Allah.

Pranatanipun Gusti Allah punika boten saged dipun luwari saking gesangipun tiyang  pracaya. Nindakaken sedaya pranatanipun Gusti punika boten namung supados manungsa uwal saking dosa, ananging ugi wujud kasetyanipun tiyang pitados dhumateng Gusti. Tumindak miturut sedaya pranatanipun Gusti Allah saged dipun wastani wujudipun katresnan dhumateng Gusti lan panuntun kangge kita, kados pundi anggen kita nresnani dhateng sesami. Swawi tansah ngugemi paugeran ingkang saking Gusti Allah. (RM).

“Mbangun turut minangka tanda kasetyan”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak