Waosan: Lelakone Para Rasul 7 : 17 – 29 | Pamuji: KPJ. 357 : 1 – 3
Nats: “Enjingipun panjenenganipun rawuh malih, kapinujon wonten tiyang Israel kalih ingkang saweg kekerengan, tumunten mbudidaya badhe ngrukunaken, pangandikanipun : Para sedulur, kowe iku rak padha sadulur? Yogene kok padha siya-siniya?” (Ayat 26)
Limrahipun tiyang, mboten remen padudon. Pramila tiyang jawi sanget anggenipun ngegungaken cara gesang harmoni. Luwih becik meneng timbang padu. Luwih becik ora melu-melu timbang ngrancu. Sadaya kalawau katindakaken kangge nebihi ingkang kawastanan padudon. Ananging ing jaman samangke, wonten budaya ingkang kasebat “padudon sing digawe-gawe”, kangge kepentingan konten ing media sosial, supados piyambakipun saged kondang. Lajeng wonten sedherek ingkang ngengetaken, yen gawe konten sing apik, sing migunani, sing mbangun tumrap pagesangan. Pangenget punika mboten saged dipun tampi malah dipun artosaken mengsahi. Mbudidaya karukunan pancen sampun dados sakmesthinipun ananging mboten gampil dipun wujudaken. Sarana ngengetaken tujuan sae dereng tamtu katampi kanthi sae.
Nabi Musa ingkang ngengetaken bangsa Israel malah dipun mengsahi. Ayat 26-28 nyebataken: “Enjingipun panjenenganipun rawuh malih, kapinujon wonten tiyang Israel kalih ingkang saweg kekerengan, tumunten mbudidaya badhe ngrukunaken, pangandikanipun: Para sedulur, kowe iku rak padha sadulur? Yogene kok padha siya-siniya?” Nanging tiyang ingkang daksiya dhateng kancanipun punika lajeng mabeni Nabi Musa, aturipun: Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados pangageng saha jeksa kula? Punapa panjenengan kagungan karsa badhe mejahi kula, kadosdene anggen panjenengan mejahi tiyang Mesir kalawingi punika?” Nabi Musa nggadhah tujuan sae kangge mbudidaya karukunan ananging mboten dipun tampi kanthi sae. Nabi Musa kepingin mbudidaya ngluwari bangsa Israel saking bangsa Mesir, ananging bangsa Israel mboten saged mangertos.
Mbangun kebiasaan sae punika mboten gampil. Pramila mbetahaken komitmen ugi perjuangan ingkang gigih, sae punika mbudidaya karukunan ing satengahing brayat, pasamuwan, lan masyarakat. Pramila sumangga kita wiwiti saking dhiri lan brayat kita piyambak. Kita mboten pareng kesel mbudidaya kasaenan. Sumangga sami mbikak korining manah kita piyambak-piyambak. Awit lumantar mbikak korining manah kangge mbudidaya kasaenan, artosipun kita mbikak talanging berkahipun Gusti kangge kita lan sedherek kita. Sanadyan ingkang sae dereng tamtu katampi kanthi sae ananging sampun kendel mbudidaya kasaenan. Gusti piyambak ingkang badhe mitulungi kita. Amin. [Life].
“Mbudidaya karukunan tumuju dhateng gesang.”