Tatag Lan Semangat Nindakaken Karsanipun Gusti Yesus Pancaran Air Hidup 5 Mei 2026

5 May 2026

Waosan: Lelakone Para Rasul 7 : 44 – 56  |  Pamuji: KPJ. 448
Nats: Nanging Stefanus kapenuhan ing Roh Suci, tumenga marang  ing langit, banjur mirsa kamulyaning Allah lan Gusti Yesus jumeneng ing tengening Allah.” (Ayat 55)

Wonten satunggiling tiyang ingkang nandhang mawerni-werni penyakit ing badanipun. Paningalipun bureng. Kejawi punika ginjal, jantung, lan liveripun ugi ngalami gangguan. Sanadyan mekaten, prekawis punika mboten ndadosaken tiyang punika nglokro, nanging malah ndadosaken piyambakipun tansaya pasrah lan sumarah dhumateng Gusti. Piyambakipun pitados bilih Gusti Allah tansah makarya wonten gesangipun. Tiyang punika kanthi setya kontrol kesehatan lan rutin ngunjuk obat. Tiyang punika ugi pitados dhateng mukjizatipun Gusti ingkang saged paring kasarasan. Sanadyan merlokaken satunggaling proses ingkang mboten dipun mangertosi wekdalipun, piyambakipun pitados Gusti paring kasarasan, kasetyan lan kapitadosanipun dhateng piyambakipun. Prekawis punika paring piwucal bilih ing kawontenan gesang ingkang ewet, kapitadosan lan pangajeng-ajeng dhumateng Gusti saged ndadosaken kita nggadhahi semangat lan kasantosan kangge ngadepi pekewet ing gesang punika.

Stefanus anggenipun nindakaken ayahan martosaken bab pakaryanipun Gusti ndadosaken para Pradata Agama rumaos kecocog penggalihipun, lajeng sami nglawan kanthi kerot-kerot waja. Para Pradata Agama punika mboten remen mireng punapa ingkang dipun wartosaken dening Stefanus gegayutan kaliyan pakaryanipun Gusi Allah ingkang kababar ing Gusti Yesus. Sanadyan cetha sanget bilih piwucal lan pakaryanipun Gusti Yesus punika ndadosaken kathah tiyang nampi karaharjan lan kabingahan, nanging nyatanipun mboten sadaya tiyang saged nampi punapa ingkang katindakaken dening Gusti Yesus. Kejawi punika ugi mboten remen menawi wonten tiyang ingkang sami pitados lan dados pandherekipun Gusti Yesus. Ngadhepi prekawis ingkang kados mekaten, mboten ndadosaken Stefanus ajrih lan nglokro semangatipun. Piyambakipun malah ngraosaken pakaryanipun Sang Roh Suci, satemah piyambakipun tansaya setya lan tumemen nindakaken karsanipun Gusti Yesus.

Martosaken bab pakaryanipun Gusti Yesus punika pancen awrat lan ewet katindakaken. Sanadyan mekaten tumrap kita ingkang setya lan temen martosaken pakaryanipun Gusti Yesus, kita saged ngraosaken pakaryanipun Sang Roh Suci ing gesang kita. Kita ugi saged ngalami gesang karohanen ingkang ngeram-eramaken awit kita ngakeni kamulyanipun Gusti Yesus ing gesang kita. Mekaten ugi prekawis punika ndadosaken kita tatag ngadhepi pakewet lan ndadosaken kita tansaya semangat nindakaken karsanipun Gusti. Amin. [HSW].

“Sampun ngantos nglokro nindakaken karsanipun Gusti Yesus.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak