Mboten Sadaya Tiyang Remen Kaliyan Tumindhak Sae Pancaran Air Hidup 5 Mei 2025

5 May 2025

Waosan : Lelakone Para Rasul 9 : 19b – 31  |  Pamuji: KPJ. 350 : 1, 3, 4
Nats: “Bareng wis sawatara dina wong Yahudi padha ngrantam arep mateni Saulus.” (Ayat 23)

Wonten pawartos ingkang nate viral saking Provinsi Nusa Tenggara Timur. Kasebat naminipun Ipda Rudy Soik ingkang dipun pecat ngginakaken cara mboten urmat, saksampunipun piyambakipun medharaken tumindhak awon saking mafia Bahan Bakar Minyak. Kawontenan mafia kalawau saestu damel warga masyarakat wonten ing NTT punika sangsara karana ewed pados solar kangge kapal ingkang dipun damel kangge pados ulam ing segaten. Bilih wonten solar ingkang saged dipun tumbas, reginipun langkung awis ketimbang regi pasaranipun. Ipda Rudy Soik ingkang prihatos karana kawontenan punika, lajeng medharaken sinten-sinten ingkang dipun anggep wonten ing salebeting praktik mafia kalawau. Nanging sanes panghargyan ingkang dipun tampi, kepara malah piyambakipun dipun pecat ndamel mawarni-warni alasan.

Waosan kita ing dinten punika inggih mratelakaken tiyang ingkang sampun nindhakaken prekawis ingkang sae kadosdene Ipda Rudy Soik ananging tiyang punika mboten dipun remeni kaliyan tiyang-tiyang ing sakiwa tengenipun, mirungganipun tiyang Yahudi. Tiyang punika rasul Paulus. Saksampunipun rasul Paulus mratobat lan dipun timbali dening Gusti, piyambakipun kanthi gumregah martosaken Injilipun Gusti dhumateng tiyang sanes ingkang dereng pitados. Sansaya dangu sansaya ageng daya prabawanipun lan ndamel mangkeling manahipun tiyang-tiyang Yahudi. Tiyang-tiyang kalawau lajeng sami ngrantam kangge mejahi rasul Paulus nggangge mawarni-warni cara, kados ta sami njagi saketheng-saketheng kutha ing wanci siang ugi dalu. (Ay. 22-23).

Sae carios bab Ipda Rudy Soik lan rasul Paulus ingkang mboten dipun remeni tiyang sanes karana nindakaken prekawis ingkang becik, malah ugi nampeni ganjaran ingkang mboten sakmesthinipun, punika saged dados pasinaon kangge gesang kita sami. Ing kasunyatanipun mboten sadaya tiyang punika remen kaliyan tumindhak ingkang sae ingkang kita lampahi. Ananging sampun ngantos kita semplah, nglokro, lan kendel anggenipun nindakaken kasaenan punika. Kita pitados bilih Gusti pirsa punapa ingkang kita tindakaken lan karsa paring ganjaran ingkang wujudipun saged nglangkungi sadaya masalah ingkang kita adepi. Amin. [YEP].

“Mangga tetap nindhakaken kasaenan, senaosna saged kaukur mboten sae kaliyan tiyang sanes.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak