Kurban Kang Ndadekake Keparenge Gusti Allah Renungan Harian 5 Mei 2020

5 May 2020

Waosan : Ibrani 13 : 1 – 25     |    Pamuji :  KPJ. 158 : 1, 2
Nats
: “Kang iku payo padha tansah saos kurban pamuji sokur marang Gusti Allah lumantar Panjenengane, iya iku kang arupa wohing lambe kang ngluhurake asmane” (Ay. 15)

Saos kurban punika dados salah setungaling wujud saos sukur kita dateng Gusti Allah. Amargi kita gesang awit saking kurbanipun Gusti Yesus. Panjenenganipun sampun kersa nandhang sangsara lan sinalib seda saperlu nucekaken kita para umat kagunganipun saking dosa (14). Awit menika kita katimbalan sowan dateng Gusti Yesus wonten sakjawining pakuwon (perkemahan). Dados panderekipun Gusti Yesus ateges kedah dateng sakjawining pakuwon. Tumrap kita tiyang Kristen kedahipun nebihi sedaya kenikmatanipun dosa, bab-bab ingkang boten suci lan sedaya gegayuhah ingkang boten langgeng. Kita kedah derek nanggel kanistanipun Sang Kritus, supados saged derek Panjenganipun. Kita purun andum raos kaliyan Panjenenganipun, dados mitranipun, manunggil kaliyan Panjenenganipun. Sarta kita  sumuyud dateng sedaya paugeran lan karsanipun.

Adedasar sedaya menika, kita tansah katimbalan saos kurban pamuji sukur dateng Gusti Allah lumantar  Gusti Yesus ingkang awujud :

  1. Wohipun lathi ingkang ngluhuraken asmanipun Gusti Allah. Tembung lan pocapan kita sadinten-dinten boten dadosaken seriking manahipun sesami lan kuceming asmanipun Gusti. Kadawuhaken : “calathumu sing tansah kebak katresnan, aja cemplang, temah kowe sumurup kepriye anggonmu bakal mangsuli pitakone saben wong” (Kolose 4:6). Artosipun boten wathon ngucap ananging tansah dipun penggalih langkung rumiyin untung lan ruginipun kangge badanipun piyambak lan sesami langkung-langkung kagem Gusti.
  2. Tansah nindakaken kasaenan lan paring pitulungan, menika minangka salah satunggaling tumindak babaraken katresnan dateng sesami. Kadawuhaken: “Awitdene nalika Ingsun kerapan, sira caosi dahar; nalika Ingsun kasatan, sira saosi ngunjuk; nalika Ingsun lelana, sira caosi palereban; nalika Ingsun kelukaran, sira caosi pangageman; nalika Ingsun gerah, sira tiliki; nalika Ingsun kinunjara, sira sowani. Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dewe iki, iku iya sira tindakake kagem Ingsun.” (Mateus 25:35-36, 40)

Inggih kurban kurban ingkang mekaten menika, kurban kurban ingkang nyata, ingkang ndadosaken keparengipum Gusti Allah. Amin. (SS)

“Kurban kang sejati inggih gesang ingkang miturut karsanipun Gusti”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak