Bacaan : Yokanan 21 : 1 – 19 | Pamuji : KPJ 452
Nats : “Simon anake Yokanan, apa kowe tresna marang Aku ngluwihi wong-wong iki? Unjuke Petrus : Inggih Gusti, Paduka mirsa bilih kawula remen dhumateng Paduka.” “Pangandikane Gusti Yesus : Engonen cempecempeKu!” [ayat 15]
Renang menika salah setunggaling olahraga ingkang kula remeni. Menawi wonten kesempatan, kula mesthi renang. Limrahipun, tiyang renang menika wonten ing kolam renang, nanging kula mboten remen renang wonten ing kolam renang karana toyanipun kathah kaporitipun. Kaporit punika saged dadosaken kulit gatel, mripat perih lan rambut garing. Nalika kula taksih SD ing Lumajang, kula remen renang wonten ing panggenan ingkang alami, inggih menika kolam sumber. Ing ngriku toyanipun mili saking sumber, raosipun langkung seger tinimbang kolam renang sanesipun. Mekaten ugi toyanipun mboten dadosaken masalah kulit kangge kula. Saestu kolam sumber menika panggenan renang favorit kula sepanjang masa.
Waosan Injil Yokanan 21 nyariosaken Gusti Yesus ngatingalaken Sariranipun dateng para sakabat ing pinggir seganten Tiberias. Gusti Yesus ngrantos para sakabat ingkang nembe mandap saking prau. Saking ngriku Gusti Yesus ngawontenaken bujono sinarengan kaliyan para sakabatipun. Lajeng Gusti Yesus ngendikan dateng Simon Petrus,” “Simon anake Yokanan, apa kowe tresna marang Aku ngluwihi wong-wong iki?” Lajeng Petrus mangsuli Inggih Gusti, Paduka mirsa bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pitakenanipun Gusti Yesus punika dipun imbali ngantos kaping tiga, kangge pangenget dening Petrus ingkang nate selak mboten ngakeni Gusti Yesus dados Gurunipun. Selajengipun Petrus rumaos getun ugi nelangsani tumindak dosanipun. Gusti Yesus lajeng paring pangapunten lan printah, ”Engonen cempe-cempeKu!”.
Sih katresnaipun Gusti Yesus punika tanpa winatws. Pramila saking menika sampun ngantos katresnan kita dateng Gusti kadya kolam renang ingkang toyanipun mandeg lan kathah kaporitipun. Nanging mangga katresnan kita dateng Gusti Yesus lan sesami kadya kolam sumber ingkang toyanipun nyegeraken lan mili terus. Mangga kita saged dados berkah ingkang saged dipunraosaken sesami kita. [vin]
“Gesang iku kedah migunani lan maedahi kangge sesami”