Pangayom ingkang Sejati Pancaran Air Hidup 5 Maret 2022

5 March 2022

Waosan: Jabur 91: 1 2, 9 16 ǀ Pamuji: KPJ. 109
Nats:
“Wong kang dumunung ana ing pangaubane Kang Mahaluhur lan nginep ing pangayomane Kang Mahakuwasa, iku bakal nyebut marang Yehuwah mangkene: “Pangungsen saha beteng kawula, Gusti Allah kawula ingkang kawula andelaken.” (Ayat 1, 2)

Gusti, kula nyuwun saras: sarasing sukma-resiking maras
Gusti, kula nyuwun tamba: tambahing jiwa-segering raga
Gusti, kula nyuwun seneng: senenging manah-tulaking sereng
Gusti, kula nyuwun sabar: sabaring budi

Ing dinten-dinten punika video singkat ingkang isinipun tembang Panyuwunan punika hits, sae dipun posting ing status whatsapp mekaten ugi ing media portal sanesipun. Refren tembang Panyuwunan punika aslinipun geguritan ingkang dipun serat dening almarhum Romo I. Kuntara Wiryamartana SJ (ing buku “Sraddha Jalan Mulia Dunia Sunyi Jawa Kuno; KPG, 2019). Syair refren tembang punika selaras sanget kaliyan kahanan kita ing wekdal sakpunika ingkang saweg ngadhepi pagebluk Covid-19. Klayan nembangaken tembang Panyuwunan punika, kita sami nyuwun pangluwaran dhumateng Gusti. Kenging punapa? Awit namung Gusti Allah ingkang nguwaosi gesang kita lan dadosaken kita tansah wonten ing pangayomanipun. Mekaten ugi ingkang dipun raosaken dening Juru Mazmur ing waosan kita.

Juru Mazmur nedahaken bilih Gusti Allah punika dados papan pangungsen saha betengipun. Juru Mazmur ngrumaosi bilih namung Gusti Allah ingkang saged dipun andelaken ing sadhengah prekawis gesangipun (Ay. 1-2). Saklajengipun Juru Mazmur ugi ngraosaken bilih sedaya punika saged kelampahan amargi piyambakipun nggadhahi sesambetan ingkang rumaket kaliyan Gusti. Tumrap tiyang ingkang nggadhahi sesambetan ingkang rumaket kaliyan Gusti, mangka Gusti paring prasetya, kados ing ayat 15 lan 16. Sepisan, Gusti badhe nyembadani pandonganipun. Kaping kalih, Gusti badhe nganthi. Kaping tiga, Gusti badhe ngentasaken saking salebeting karibedan lan paring kaluhuran. Kaping sekawan, Gusti badhe maringi yuswa panjang. Kaping gangsal, Gusti badhe paring kawilujengan. Iba endahipun prasetyanipun Gusti punika.

Wonten ing gesang kita saben dinten, kita asring aben ajeng kaliyan kawontenan ingkang awrat, sae ancaman wabah, sesakit, lsp. Supados kita saged ngadhepi sedayanipun, kita saged ta nulad sikep gesanging Juru Mazmur punika. Sikep ingkang tansah ngandelaken Gusti lan dadosaken Panjeneganipun pangayom ingkang sejati. Ing pungkasanipun kita sami njagi gesang ingkang tansah rumaket kaliyan Gusti. Amin. [RA].

 “Mung Gusti Allah kang dadi pangayomku.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak