Waosan: Yeremia 7 : 16 – 26 | Pamuji: KPJ. 342
Nats: “Apa panggalihingSun kang salugune digawe gerah, — mangkono pangandikane Sang Yehuwah — apa dudu atine dhewe kang digawe lara temah banjur padha wirang?” (Ayat 19)
Wonten guyonan bab tiyang Indonesia ingkang mekaten, “Wong Indonesia iku hebat-hebat, karana paku iso dipangan, wit iso dipangan.” Ingkang dipun arani paku punika sejatosipun tetuwuhan ingkang dipun wastani pakis, lan wit punika ateges wit pring utawi rebung. Lajeng wonten guyonan malih, “Asring nedha rebung punika dadosaken tiyang punika mboten gadhah wirang amargi dados rai gedhek.” Wastanan punika tamtu nate kita mireng wonten ing gesang padintenan kita. Kita asring manggihi utawi asring paring wadanan kangge tiyang ingkang rai gedhek. Budaya utawi sifat wirang punika sejatosipun sampun dados budaya kita tiyang Indonesia mliginipun tiyang Jawi. Ananging karana kamanungsan kita ingkang nggadhahi pepinginan dhiri pribadi, asring kita nilar budaya lan sifat punika.
Mekaten ugi ingkang dipun tindakaken bangsa Israel rikala semanten. Karana namung kepengin nyekapi lan nresnani dhirinipun piyambak, bangsa Israel lajeng nilar Gusti Allah. Kaserat bilih gesang padintenan bangsa Israel punika mboten miturut kaliyan sabdanipun Gusti. Punika katingal saking tumindaking bangsa Israel ingkang ngabekti dhateng allah sanes, lan mboten ngabekti dhumateng Sang Yehuwah. Pepenget sampun dipun paringaken dhateng bangsa Israel ananging mboten dipun mirengaken. Nabi ingkang dipun utus kaliyan Gusti Allah punika mboten dipun anggep kaliyan bangsa Israel. Prekawis ingkang dipun tindakaken kaliyan bangsa Israel punika sejatosipun dadosaken bangsa Israel kados tiyang ingkang “rai gedhek” (Ay. 19). Gusti Allah sampun paring pangluwaran saking Mesir, sampun nuntun, lan mberkahi kaliyan nagri ingkang binerkahan, ananging bangsa Israel malah nglirwakaken sabda-Nipun.
Bilih kita purun mirsani dhiri kita piyambak, asring kita punika mboten benten kaliyan bangsa Israel. Ing gesang padintenan kita sampun nampi lan ngraosaken berkah peparingipun Gusti, ananging kita taksih asring mbalela lan mbombong dhiri pribadi. Sejatosipun kita punika kaajak gesang kebak saos sukur, nindakaken sabdanipun Gusti, lan ngabekti dhumateng Gusti, karana kita punika sampun dipun berkahi. Sampun ngantos kita punika dados tiyang ingkang mboten gadhah wirang, sampun dipun paringi mboten matur nuwun malah nilar ingkang sampun paring berkah. Amin. [BWP].
“… padha nyaosna badanmu minangka kurban kang urip lan suci, sarta kang dadi keparenge Gusti Allah: yaiku pangibadahmu kang sajati.” (Rum. 12:1)