Kenal, Apa Rumangsa Kenal? Renungan Harian 5 Juli 2020

5 July 2020

Waosan : Mateus  11 : 16 – 19, 25 – 30 | Pamuji : KPJ. 96 : 1
Nats:
…lan ora ana wong kang sumurup marang Sang Rama, aliya Sang Putra…. ” (Ay. 27)

Ing samangke jaman tansaya maju, tiyang menawi kepingin tepang pribadinipun tiyang sanes boten kedhah langsung pepangihan, ananging saged lumantar media sosial, ugi kalian aplikasi ingkang saged dipun undhuh wonten HP.  Ing media sosial punika kaserat identitas diri, wiwit saking nami ngantos hobi. Pramila menawi kita kepingin kenal kalian tiyang sanes, kantun jlimeti data diri lan unggahan wonten ing media sosial punika. Ananging punapa lumantar media punika kita saged tepang saestu kalian tiyang punika? Aja-aja sedaya ingkang kaserat ing medsos punika palsu.

Matius pribadi ingkang kepingin sanget tepang kalian Gusti Allah, pramila tansah ngupaya sinau bab dawuh pangandikanipun Gusti. Ananging Mateus sadar bilih boten gampang mangertosi Gusti Allah. Malahan sejatinipun boten wonten manungsa ingkang saged kanthi wutuh tepang kalian Gusti. Ingkang saged tepang kalian Gusti Allah punika, inggih namung Gusti  piyambak (ayat 27). Dawuhipun Gusti Yesus punika ngemutaken para ahli kitab suci, pimpinan agama ingkang ngrumaosi paling mangertos bab dawuhipun Gusti Allah. Satemah saged kanthi gampang yalahkaken tiyang sanes, inggih punika nabi Yokanan ingkang kaanggep dosa awit srawung kalian juru mupu bea lan tiyang dosa.

Boten sedaya tiyang punika tepang sae kalian Gusti Allah. Gusti Yesus piyambak sampun dawuh bilih namung tiyang ingkang pinilih kemawon ingkang saged tepang kalian Gusti Allah. Ananging ing wekdal samangke kathah tiyang ingkang sok tepang kalian Gusti, ngrumaosi paling mangertos. Dereng maos kitab suci ananging kados-kados sampun mangertosi punapa ingkang dados kersanipun Gusti. Pramila wonten kemawon ingkang pemanggihipun keblinger, rumaos paling bener, paling pinter. Supados kita saestu tepang kalian Gusti, mangga kita ngupaya  tansah nggegilut dawuh pangandikanipun. Kita pitados menawi kita telaten lan temen, kita saged tepang dhateng Gusti Allah. Sampun kesupen, mangga kita ugi didik anak-anak kita supados anggenipun sinau bab Gusti Allah punika boten lepat.  Satemah anak kita tepangipun kalian Gusti punika sanget lan saestu. (Gal).

“Tansaya tepang, tansaya tresna Gusti”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak