Waosan: Ayub 39 : 26 – 40 : 5 | Pamuji: KPJ. 288
Nats: “Saestu, kawula punika asor sanget, kawula badhe ngaturaken wangsulan punapa dhateng Paduka? Cangkem kawula, kawula tutupi kalayan tangan.” (Ayat 39:37)
Nalika kita dipun ajak kangge ngladosi umat ing pasamuwan, asring kita ngetang kasagedan dhiri kita, “Punapa yuswa lan kawibawan kita sampun cekap kangge lelados? Punapa ilmu kita sampun cekap kangge mangsuli saben pitakenan?” Asring semangat anggenipun kita lelados ing pasamuwan, kita tindakaken kanthi raos mangu-mangu lan raos mboten saged. Kita ningali dhiri kita piyambak dhateng kaca pangilon, nengga kasagedan lan kasampurnan saderengipun kita nindakaken timbalanipun Gusti. Kamangka, inti saking paladosan punika sanes kasagedan lan kasampurnan dhiri kita, nanging kangge sinten kita nindakaken peladosan punika.
Sasampunipun Gusti Allah ngandika dhateng Ayub bab kawigatosanipun jagat raya, Gusti Allah nantang budi lan kakiyataning manungsa ingkang sarwa winates. “Apa marga saka prentahira manuk beri iku anggone banjur mumbul lan nusuh ing panggonan kang dhuwur?” (Ay. 27). Pitakenan-pitakenan punika dipun dhawuhaken Gusti Allah kagem nedahaken panguwaos-Ipun ingkang nglangkungi sadaya pemanggih lan kendalinipun manungsa. Pungkasanipun, Ayub mboten gadhah pilihan sanes kejawi mendel lan ngandhapaken dhiri wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, “Saestu, kawula punika asor sanget, kawula badhe ngaturaken wangsulan punapa dhateng Paduka? Cangkem kawula, kawula tutupi kalayan tangan.” (Ayub 40:4).
Wulan Kespel ingkang kita pengeti wekdal punika, ngajak kita nuladha Ayub supados kita andhap asor wonten ngarsanipun Gusti Allah. Anggen kita nglampahi timbalan kita, fokus kita sanes sae punapa mbotenipun kita ngladosi, nanging fokus dhumateng Gusti Allah ingkang kita ladosi. Nalika kita rumaos bilih kita namung awu wonten ngarsanipun Gusti Allah, saestu punika kasadharan ingkang sae, ananging sampun ngantos kita kendel wonten ing kasadharan punika kemawon. Kasadharan punika kedah kita ginakaken kangge mageri dhiri, bilih kita saged leladi, punika namung karana kakiyatan saking Gusti. Punika dhasar saking paladosan Kristen. Sumangga kita pasrah dhateng Gusti Allah, kita setya lelados kanthi manah ingkang andhap asaor, amargi wonten ing karingkihan kita, kamulyanipun Gusti sumunar ing gesang kita. Amin. [YEP].
“Paladosan punika sanes babagan kasagedan kita, nanging babagan Panguwaos-Ipun ingkang kedah kita wartosaken.”