Sinarengan Gusti Pancaran Air Hidup 5 Januari 2026

5 January 2026

Waosan: Yusak 1 : 1 – 9  |  Pamuji: KPJ. 431
Nats: Ingsun rak wus dhawuh marang sira: disantosa lan diteguh? Aja giris lan semplah, amarga Pangeran Yehuwah, Allahira nunggil karo sira ing saparanparanira.(Ayat 9)

Ing satengahing jaman ingkang sansaya modern punika, manungsa asring ngadepi pilihan ingkang awrat, inggih punika: milih gesang kajasmanen, punapa milih gesang karohanen? Ketingalipun gesang kajasamanen punika penak, punapa ingkang dados pepenginan kita saged kasembadan. Sadaya kabetahan gesang kita tansah kacekapan. Ananging punapa punika ugi saged dadosaken manah kita ngraosaken ayem tentrem? Dereng tamtu awit gesang sacara kajasmanen punika asring ndadosaken kita srakah, rumaos kirang, lan pungkasanipun kita kirang saos sokur tumrap punapa ingkang sampun kita gadhahi. Kosokwangsulipun bilih kita milih gesang karohanen kita saged ngraosaken tentrem rahayu saking Gusti. Punapa kemawon kabetahan gesang kita, srana iman kita pitados Gusti Allah tansah nyekapi ugi mberkahi gesang kita.

Senopati Yusak kaparingan tanggel jawab kangge nuntun bangsa Israel mlebet wonten ing tanah Kanaan. Tugas punika mboten gampil awit piyambakipun kedah ngadhepi tantangan ingkang ageng, inggih punika ngadhepi mengsah ingkang kathah lan kiyat. Bangsa Israel nalika semanten dereng utuh imanipun. Nalika ngadhepi prekawis ingkang awrat asring sambat lan imanipun goyang. Karana punika, Gusti Allah lumantar senopati Yusak paring kakiyatan kangge bangsa Israel, srana ngendika, “Aja giris lan semplah, amarga Pangeran Yehuwah, Allahira nunggil karo sira ing saparanparanira.”

Pangandika punika mboten namung kangge bangsa Israel kemawon, nanging ugi kangge kita. Ing pigesangan kita sadinten-dinten ingkang asring kita lampahi kanthi sifat egois, srakah, gumunggung, Gusti nimbali kita dados pepadhang gesang. Artosipun kita milih gesang manut karsanipun Gusti. Gusti sampun ngengetaken kita supados kita tetep bakuh lan teguh ngadepi kasunyatan gesang. Gesang ingkang dipun pandhegani Gusti mesthi mboten mokal ngadhepi tantangan, nanging menawi kita tansah setya dhumateng Gusti, kita mesthi kiyat lan tatag ngadepi gesang. Milih gesang artosipun kita milih ndherek Gusti wonten kahanan punapa kemawon. Mangga kita dados pepadhang tumrap sadaya tiyang, pepadhang ing satengahing pepeteng. Gusti mboten nate nilar kita. Panjenenganipun tansah nyarengi lampah kita. Mangga kita gesang sinarengan Gusti, matemah gesang kita karaos endah lan tentrem rahayu. Amin. [GSC].

Sanadyan budaya nyengkuyung pati, tiyang kang gumolong ing Gusti tansah ngluhurake urip.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak