Waosan: Yokanan 1 : 10 – 18 | Pamuji: KPJ. 242
Nats: “Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih rahmat lan kayekten.” (Ayat 14)
Punapa ingkang dipun ajeng-ajeng warga pasamuwan nalika piyambakipun nandhang kasisahan, karibetan, lan sakit? Wangsulanipun tamtu warni-warni, wonten ingkang pengin dipun kiyataken lan dipun lipur rencang utawi semahipun, wonten ingkang pengin dipun tuweni lan dipun dongakaken bapa utawi ibu penditanipun, lsp. Kawontenan brayat utawi majelis pasamuwan ingkang setya dampingi sedherek ingkang sisah, semplah, lan sakit punika saged dados sarana pulihipun sedherek punika. Awit piyambakipun mboten rumaos piyambakan anggenipun ngadepi panandhang gesang ingkang awrat.
Waosan kita wekdal punika mratelakaken bab Gusti Allah Sang Sabda ingkang manjalma dados manungsa wonten ing Gusti Yesus. Kesaksian Yokanan nyebataken ing ayat nats kita, “Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, … dene sih rahmat lan kayekten iku dumadine dening Sang Yesus Kristus.” (Ayat 14, 17). Ayat punika paring pangertosan kangge kita bilih Gusti Allah saestu tresna dhateng manungsa. Gusti Allah mboten negakaken umat kagungan-Ipun sirna karana dosa lan tumindak jahat. Karana punika srana sih rahmat-Ipun, Gusti Allah karsa manunggil salebeting gesangipun manungsa lumantar Gusti Yesus. Gusti Yesus ingkang sampun rawuh ing donya dadosaken hubungan antawisipun manungsa kaliyan Gusti Allah sansaya raket. Rawuhipun Gusti Yesus dadosaken para umat ingkang semplah lan kecalan pangajeng-ajeng sapunika kebak pangajeng-ajeng. Para umat sami pitados rawuhipun Gusti Yesus mbeta kaayeman, katentreman, saha kawilujengan.
Ing warsa enggal punika, kita sami dipun ajak ngraos-raosaken bilih Gusti Yesus rawuh ing donya punika kangge kita para umat-Ipun. Rawuhipun Gusti Yesus punika dados daya kakiyatan kangge kita nglampahi gesang sadinten-dinten. Sampun ngantos kita sumelang, mangu-mangu punapa malih kecalan pangajeng-ajeng. Mangga ing warsa enggal punika, kita tansah ngundang Gusti Yesus supados rawuh ing manah lan gesang kita, rawuh ing brayat kita, rawuhi ing pasamuwan kita. Awit rawuhipun Gusti Yesus punika nuwuhaken berkah lan kawilujengan kangge gesang kita. Amin. [AR].
“Gusti Yesus sampun rawuh, payo padha ngabekti lan nyelak Panjenenganipun!”