Waosan: Yeremia 31: 7 – 14 ǀ Pamuji: KPJ. 345
Nats: “Tekane wong-wong iku kambi nangis, Ingsun bakal nganthi wong-wong iku klawan paring panglipur, …” (Ayat 9)
Ing satengah-tengahing taun 1980-an, jagad punika ngadepi satunggaling penyakit ingkang ngedap-edapi, inggih punika HIV/AIDS. Rikala semanten dereng kathah informasi bab penyakit punika. Tiyang ingkang nyandang HIV/AIDS punika limrahipun dipun singkiraken. Katah tiyang ingkang ajrih menawi ketularan. Ing sawijining dinten, Putri Diana salaman kaliyan tiyang ingkang nyandang HIV/AIDS, prekawis punika ndadosaken jagad punika melek, awit HIV/AIDS punika boten nular kejawi karana tumindak zinah. Putri Diana paring pangerten bab HIV/AIDS, mekaten ugi paring tuladha supados sedaya tiyang saged peduli dhateng tiyang ingkang nandhang HIV/AIDS punika, sampun ngantos nyingkiraken.
Waosan kita wekdal punika nyariosaken lelampahanipun bangsa Israel nalika wonten ing tanah pangawulan Babil. Raos tebih saking nagarinipun piyambak, ndadosaken bangsa Israel kados-kados kasingkiraken. Bangsa Israel rumaos sampun boten wonten ajinipun malih. Kasunyatan gesang ingkang kados mekaten punika ndadosaken bangsa Israel nglokro, lajeng kesupen kaliyan prasetyanipun Gusti Allah. Gesangipun bangsa Israel ing tanah pangawulan rekaos sanget ngantos nuwuhaken pasambat. Pasambatipun bangsa Israel punika dados tandha bilih bangsa Isarel mbetahaken pitulunganipun Gusti Allah. Lumantar Nabi Yeremia, Gusti Allah prajanji badhe paring pitulungan dhateng bangsa Israel. Gusti Allah badhe mangsulaken lan ngempalaken malih bangsa Israel ing tanah Kanaan, supados bangsa Israel boten rumaos dados bangsa ingkang kasingkiraken. Nanging bangsa Israel saged ngraosaken menawi piyambakipun sampun karengkuh ing sih katresnanipun Gusti Allah.
Kanthi ngraos-raosaken pangandikanipun Gusti punika, kita sami dipun engetaken bilih sejatosipun kita punika ugi kados tiyang ingkang kasingkiraken krana dosa-dosa kita. Ananging awit saking sih rahmat lan katresnanipun Gusti Allah ingkang ageng, kita kapulihaken lan kaparingan kawilujengan. Karana punika, prekawis punika saged ta mbereg kita supados saged mujudaken sikap gesang ingkang prayogi. Kita purun martosaken sih katresnanipun Gusti punika dhateng sesami ingkang nandhang karibedan supados piyambakipun boten rumaos kasingkiraken. Sumangga kita dodos tiyang ingkang peduli dhateng sesami, sampun ngantos kita dados tiyang ingkang gampil nyingkiraken sesami. Gusti tansah mberkahi. Amin. [RA].
“Sih katresnanipun Gusti mulihaken gesang ingkang kasingkiraken.”