Waosan: 2 Korinta 12 : 11 – 21 | Pamuji: KPJ. 192
Nats: “… aku bakal susah banget, marga anane wong akeh, kang ndek biyen padha nglakoni dosa mangka durung mratobat, ninggal panggawe kang jember, laku jina lan pamblunthah kang padha dilakoni.” (Ayat 21)
Undang-undang Nomor 22 taun 2009 bab lalu lintas lan angkutan margi (UU LLAJ) dipun damel kanthi tujuan katertiban, kaamanan, lan kaslametan para pengendara lan angkutan umum. Menawi para pengendara lan angkutan umum punika nerak undang-undang punika tamtu piyambakipun badhe nampi sangsi utawi paukuman.
Kitab suci ingkang kita tampi lan waos punika tulisan ingkang migunani kangge memulang, melehaken, mbangun wewatakan, saha nggulawenthah ing sajroning kayekten. (2 Tim. 3:16). Pramila Rasul Paulus ngengetaken warga pasamuwan Korinta ingkang mboten purun mratobat saking sakehing dosanipun supados sami mratobat. Rasul Paulus rumaos kuwatos nalika badhe nuweni pasamuwan Korinta karana: 1) Piyambakipun ngrumaosi bilih warga pasamuwan Korinta punika bakal nyepelekaken peladosanipun, karana piyambakipun mboten dipun anggep kados para rasul sanesipun. 2) Paulus manggihi prekawis-prekawis dosa ing Korinta, kados pandamelan ingkang jember, laku jina, pasulayan, iren, brangasan, pitenah, lsp ingkang taksih kelampahan ing pasamuan Korinta. Mila dumuginipun Rasul Paulus ingkang kaping tiga punika kangge ngengetaken warga pasamuwan Korinta supados sami mratobat awit Rasul Paulus sampun gulawentah warga pasamuwan bab gesang ingkang becik ing rawuhipun kaping pisan lan pindo. Rasul Paulus ugi ngutus Titus supados terus ngengetaken warga pasamuwan Korinta supados sami mratobat lan nindakaken sabda pangandikanipun Gusti.
Ing pengetan wulan kitab suci punika, sumangga kita sinau saking pasamuan Korinta punika. Kita kedah waspada awit ing sakiwa-tengen gesang kita punika kathah panggodha ingkang saged nggeret kita dawah ing dosa. Gusti Yesus tansah nresnani kita, pramila kita dipun paringi sabda mulya kangge nuntun lampah gesang kita ing kabecikan. Awit sabdanipun Gusti ingkang kita mirengaken lan tindakaken punika nuwuhaken katentreman lan kawilujengan kangge kita. Sampun ngantos kita nglirwakaken pangandikanipun Gusti, nanging mangga kita lampahi wonten ing gesang kita saben dinten. Amin. [Ry].
“Sabdaning Gusti nuntun laku gesangku.”