Bakso Lambang Katresnan Renungan Harian 5 Januari 2020

5 January 2020

Waosan : Yokanan 1 : 10 – 18    |   Pamuji :  KPJ. 452
Nats
: “Nanging sapa bae kang nampani Panjenengane iku diparingi wewenang dadi para putraning Allah iya iku kang padha pracaya marang asmane” (Ay. 12)

Kita ingkang sampun dados tiyang sepuh, tamtu sarujug bilih saben tiyang sepuh tansah ngupaya supados putranipun pikantuk punapa kemawon ingkang sae. Tuladhanipun, wonten carita tiyang sepuh ingkang gadhah lare ingkang nandang sakit lan mbetahaken ragat ingkang kathah damel kasarasanipun. Amargi ingkang utami inggih punika kasarasanipun lare punika, tiyang sepuhipun mboten eman-eman kangge nyadhe barang darbenipun, malah-malah nyadhe griyanipun awit saking ngupaya kasarasanipun kang putra. Saksampunipun lare punika pikantuk saras, brayat punika manggen ing griya kontrakan.

Wonten ing salah setunggaling dinten, kang putra punika mular amargi tiyang sepuhipun mboten maringi bakso ingkang dados kepinginanipun kang putra. Lare punika munjuk bilih tiyang sepuhipun mboten tresna marang piyambakipun amargi mboten maringi bakso punika. Wonten ing pemanggihipun kang putra, raos tresna dumateng piyambakipun namung ngangge ukuran “bakso”, lha menawi dipun tingali ing dinten kepengker, tiyang sepuhipun sampun ngantos ngorbanaken griyanipun. Lha umpami griya punika dipun lintuaken bakso, saged dados pinten gerobak bakso nggih?

Gusti Allah Rama kita nglangkungi tuladha tiyang sepuh kala wau ingkang sampun ngorbakaken barang darbenipun. Gusti Allah Rama kita sampun nimbali kita dados putraning supados kita saged nampeni ugi katresnanipun. Timbalan dados putraning Allah Rama punika mbetahaken wangsulan saking kita ingkang awujud kapitasodan. Kapitadosan ingkang benten kaliyan ingkang kagambar kados lare alit kalawau ingkang mular amargi punapa ingkang dados pepinginan mboten kawujud. Kados ingkang kaserat ing waosan kita, dados putraning Allah Rama punika ateges kita pitados bilih ingkang kalampahan ing gesang kita punika wujud katresnanipun Sang Rama dhumateng kita. Karana punika supados pangertosan kita tumrap agenging sih katresnaning Gusti Allah dateng kita, kita kedah celak dateng Gusti. Purun mirengaken punapa ingkang dados karsanIpun saha ngestoaken dawuhipun punika salebeting gesang kita sadinten-dinten. Mangga kita ngenget-enget bilih katresnanipun manungsa dateng  Gusti Allah punika kawates nanging katresnanipun Gusti Allah punika tanpa winates dateng kita manungsa. (ardien).

“Putraning Rama punika awujud tumindak pitados tanpa syarat”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak