Tresna Gusti = Tresna Bumi Pancaran Air Hidup 5 Februari 2026

5 February 2026

Waosan: 1 Yokanan 5 : 1 – 5  |  Pamuji: KPJ. 358
Nats: Amarga katresnan marang Gusti Allah iku wujude, yaiku yen kita padha netepi ing pepakone. Pepakon-pepakone iku ora abot.” (Ayat 3)

Katresnan punika sanes namung tembung, nanging kawontenan ingkang kawujud wonten ing pakaryan nyata. Saben tiyang ingkang nresnani Gusti Allah, kedahipun mbudidaya lan nindakaken punapa ingkang dados karsanipun Gusti. Waosan dinten punika saged dados pasinaon kangge kita bab nindakaken katresnan dhateng sadaya makhluk titahipun Gusti. Salah satunggaling inggih punika ngayomi kasampurnaning titah (merawat keutuhan ciptaan). Gusti sampun maringaken tetanduran lan sadaya sato kewan dhateng manungsa, supados dipun olah lan dipun reksa. Artosipun, kita dipun timbali mboten namung supados ngraosaken berkah lumantar bumi, nanging ugi dados pangreksa tumrap titah sanes. Nanging kasunyatanipun ing jaman sapunika, bumi saya kirang dipun rimati, alas dipun babad tanpa tanggel jawab, toya dipun cemari, lan satwa langka saya ilang. Punapa kados makaten wujud katresnan kita dhumateng Gusti? Tamtunipun mboten. Ngrimati bumi punika sanes tugas ingkang enteng, nanging bagian ingkang wigatos saking iman kita.

Waosan kita nyariosaken bilih gesangipun manungsa punika pinangkanipun saking Gusti Allah. Kita sadaya sampun seda sacara spiritual amargi dosa kita. Nanging karana sih katresnan-Ipun Gusti, gesang kita sampun uwal saking dosa lan katingal endah. Kita ingkang pitados Gusti sami kaparingan gesang enggal. Mila kita kedah nuladha Gusti. Menawi kita nresnani Gusti, mesthi kita nresnani sesami ugi titahipun Gusti sanesipun. Katresnan punika sanes raos wonten ing manah kemawon, nanging kedah kawujud ing tumindak ingkang tulus ikhlas. Ayat 3 nyebataken, “… Pepakon-pepakone iku ora abot” artosipun kita saged nindakaken karsanipun Gusti kanthi tumemen. Prentahipun Gusti punika ngarahaken kita dhateng kabecikan lan karahayon ingkang sejati.

Minangka pandherekipun Gusti, kita dipun ajak dados mitran-Ipun Gusti. Kita dipun paringi tanggel jawab ingkang luhur, inggih punika ngrimati bumi. Katresnan kita dhateng bumi saged kita lampahi kanthi cara: nyegah sampah plastik, ngirit toya lan listrik, sami nandur wit, dados tuladha kagem sadaya tiyang ngreksa lingkungan, lan ndedonga kagem kasantosanipun alam. Gusti Allah nresnani bumi lan Panjenenganipun nresnani kita. Mangga kita nresnani Gusti, ugi nresnani bumi punika. Amin. [GSC].

“Ngrimati bumi punika wujud iman ingkang sejati lan katresnan ingkang ngrembaka.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak